Yuk Ngaji

"وبالاخلاص اسلم واقرب الي الاجابة"
  • Home
Home » Boso Jowo » Ngaji Romadlonan 2018 » Fadlilah basmalah

Fadlilah basmalah

» Boso Jowo, » Ngaji Romadlonan 2018
» Selasa, 05 Juni 2018

بِسْمِ الله الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْم

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته , الحمد لله رب العالمين , والصلاة والسلام علي اشرف المرسلين وعلي آله وصحبه اجمعين . اما بعد : قابلتك بوَسٍّ قبول , وختمت علي فمك بفخم الرسول , وتطاوعني بأيس ما اقول : الله اكبر

Sa' sampun ipun , monggo kito mlebet bab 3 fi fadlilatil basmalah :



وقال صلي الله عليه وسلم : ﴿من قال بسم الله الرحمن الحيم مرة ، لم يبق من ذنوبه (اي الصغائر) ذرة﴾ . تنقيح القول الحثيث ، الباب الثالث في فضيلة البسملة ، ص ١٠ . اهـ

Wa qola : lan sampun dawuh sinten kanjeng Nabi

Sholla : mugi-mugi paring rohmat engkang ageng 

Allahu : sinten Allah

'Alaihi : engatase kanjeng Nabi

Wa sallama : lan ugi keselametan

"nopo sing didawuhaken"

Man : utawi sapane wong 

Qola : kang ngucap sopo man

Bismillah : ing wacan bismillah

Marrotan : khale sa' ambalan

Lam Yabqo : mongko ora siso

Min Dzunubihi : sangking doso-doso man 

Ayis Shogo-ir : tegesipun doso-doso seng alit

Dzarrotun : opo sa' cilik'e wiji sawi sangking doso-doso nipun man .

Amalan kedik , ringkes , ringan lan sedoyo tiyang mpun apal , kari ngamal , kanti faedah engkang ageng , kangge ngresi'i doso . Alhamdulillah .

ومن اعظم ابواب الفرج البسملة (بِسْمِ الله الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْم

قال بعض اهل المعرفة

Lan sampun ngendiko setengah sangking Wali engkang ahli ma'rifah :

 البسملة كلمة قدسية من كنز الهداية 

Dados tiyang engkang kerso mahos basmalah (bismillah .. ) ing kawitane suwiji perkoro , mongko tiyang wau pikantuk hidayah , petunjuk , di elengno kanti lafad ;

Bismillah : kelawan nyebut asmanipun Allah . Eh aku di eleng no , opo-opo seng diwaca'ake bismillah , iku , kudune ing perkoro seng sae , kanti coro seng sae lan eng barang seng sae .

Ar Rohman : Dzat Engkang Moho Welas Asih ing donyo . Eh , Gusti Allah Paring welas asih kangge sinten kemawon , boten pandang bulu , kanti ketetapanipun ing donyo (sunnatullah) . Yen sregep ngaji , bakal reti . Yen sregep kerjo , kayane yo ono . Yen ngombe obat bakal waras . Yen sopan , bakal dihormati . Yen kurang ajar , bakal di benci . Nek di jiwit , yo , loro . La , liku seng jenenge sunnatullah . 

Gusti Allah dawuh ing surat al-Jumu'ah ayat 10 :

فانتشروا في الارض وابتغوا من فضل الله

"(kirang langkung artosipun) : Podo nyebaro kuwe kabeh ing bumi , lan gole'o kuwe kabeh karunia Gusti Allah" .

Ing donyo , yo kudune sregep , Gusti Allah dawuh ing surat an-Najm ayat 39 :

وَأَن لَّيْسَ لِلْإِنسَانِ إِلَّا مَا سَعَىٰ 

"Lan sa' temene menungso ora merkoleh kecuali opo seng wes diusaha'no .

Lan ugi ing surat al-Insyiroh ayat 7 :

فَإِذَا فَرَغْتَ فَانصَبْ 

"Mongko arikalane kuwe wes lebar (songko suwiji perkoro) , mongko kerja'no kanti tenanan urusan liyane" 

Tapi eleng , eleng , Gusti Allah niku

Ar Rokhim : Moho Welas Asih ing Aherat beloko . Tegesipun : Hanya yang iman , iman , saja , yang mendapat belas kasih Allah nanti . Lan kagungan amal tah mboten . Amergi mangke diganjar miturut amal ipun . Yen katah , nggih mongko pikantuk keni'matan seng katah . Senajan amal ibadah niku boten angsal diniati kangge ganjaran keni'matan niki .

Kedik tapi mugi-mugi wonten manfa'atipun amin Allahumma Amin .

Related Posts

  • Dongo seng afdlol
  • Keutama'an Tahlil
  • Iman
  • Keutamaan ilmu dan Ulama
  • Dongo Hadits Rasul

Langganan: Posting Komentar (Atom)

Search Article

Label

  • Amalan (263)
  • Fiqh (137)
  • Fathul Qorib (132)
  • Al Qur'an (113)
  • Sanad (65)
  • Sholawat (35)
  • Kutub Islamiyah (25)
  • Biografi (22)
  • Kutubul Qoum (20)
  • Nasehat (16)
  • Adab (15)
  • Islamic Knowledge (12)
  • الاوراد بعد المكتوبات وزياداتها (9)
  • Kitab al-Fawaid (8)
  • Boso Jowo (7)
  • Ngaji Romadlonan 2018 (5)
  • 12 Bulan Qomariyah (4)
  • al-Kawakib al-Madliyyah (3)
  • Tatsbitul Fuadiy (2)
  • Al-Wasa'il (1)
  • Hilal 12 Bulan (1)
  • Qur'an dan Translitersi (1)
  • Transliterasi (1)
Diberdayakan oleh Blogger.

↑