Yuk Ngaji

"وبالاخلاص اسلم واقرب الي الاجابة"
  • Home
Home » Semua Post Kategori Ngaji Romadlonan 2018
Tampilkan postingan dengan label Ngaji Romadlonan 2018. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Ngaji Romadlonan 2018. Tampilkan semua postingan

Fadlilah basmalah

Yuk Ngaji Updated at: Juni 05, 2018

بِسْمِ الله الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْم

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته , الحمد لله رب العالمين , والصلاة والسلام علي اشرف المرسلين وعلي آله وصحبه اجمعين . اما بعد : قابلتك بوَسٍّ قبول , وختمت علي فمك بفخم الرسول , وتطاوعني بأيس ما اقول : الله اكبر

Sa' sampun ipun , monggo kito mlebet bab 3 fi fadlilatil basmalah :



وقال صلي الله عليه وسلم : ﴿من قال بسم الله الرحمن الحيم مرة ، لم يبق من ذنوبه (اي الصغائر) ذرة﴾ . تنقيح القول الحثيث ، الباب الثالث في فضيلة البسملة ، ص ١٠ . اهـ

Wa qola : lan sampun dawuh sinten kanjeng Nabi

Sholla : mugi-mugi paring rohmat engkang ageng 

Allahu : sinten Allah

'Alaihi : engatase kanjeng Nabi

Wa sallama : lan ugi keselametan

"nopo sing didawuhaken"

Man : utawi sapane wong 

Qola : kang ngucap sopo man

Bismillah : ing wacan bismillah

Marrotan : khale sa' ambalan

Lam Yabqo : mongko ora siso

Min Dzunubihi : sangking doso-doso man 

Ayis Shogo-ir : tegesipun doso-doso seng alit

Dzarrotun : opo sa' cilik'e wiji sawi sangking doso-doso nipun man .

Amalan kedik , ringkes , ringan lan sedoyo tiyang mpun apal , kari ngamal , kanti faedah engkang ageng , kangge ngresi'i doso . Alhamdulillah .

ومن اعظم ابواب الفرج البسملة (بِسْمِ الله الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْم

قال بعض اهل المعرفة

Lan sampun ngendiko setengah sangking Wali engkang ahli ma'rifah :

 البسملة كلمة قدسية من كنز الهداية 

Dados tiyang engkang kerso mahos basmalah (bismillah .. ) ing kawitane suwiji perkoro , mongko tiyang wau pikantuk hidayah , petunjuk , di elengno kanti lafad ;

Bismillah : kelawan nyebut asmanipun Allah . Eh aku di eleng no , opo-opo seng diwaca'ake bismillah , iku , kudune ing perkoro seng sae , kanti coro seng sae lan eng barang seng sae .

Ar Rohman : Dzat Engkang Moho Welas Asih ing donyo . Eh , Gusti Allah Paring welas asih kangge sinten kemawon , boten pandang bulu , kanti ketetapanipun ing donyo (sunnatullah) . Yen sregep ngaji , bakal reti . Yen sregep kerjo , kayane yo ono . Yen ngombe obat bakal waras . Yen sopan , bakal dihormati . Yen kurang ajar , bakal di benci . Nek di jiwit , yo , loro . La , liku seng jenenge sunnatullah . 

Gusti Allah dawuh ing surat al-Jumu'ah ayat 10 :

فانتشروا في الارض وابتغوا من فضل الله

"(kirang langkung artosipun) : Podo nyebaro kuwe kabeh ing bumi , lan gole'o kuwe kabeh karunia Gusti Allah" .

Ing donyo , yo kudune sregep , Gusti Allah dawuh ing surat an-Najm ayat 39 :

وَأَن لَّيْسَ لِلْإِنسَانِ إِلَّا مَا سَعَىٰ 

"Lan sa' temene menungso ora merkoleh kecuali opo seng wes diusaha'no .

Lan ugi ing surat al-Insyiroh ayat 7 :

فَإِذَا فَرَغْتَ فَانصَبْ 

"Mongko arikalane kuwe wes lebar (songko suwiji perkoro) , mongko kerja'no kanti tenanan urusan liyane" 

Tapi eleng , eleng , Gusti Allah niku

Ar Rokhim : Moho Welas Asih ing Aherat beloko . Tegesipun : Hanya yang iman , iman , saja , yang mendapat belas kasih Allah nanti . Lan kagungan amal tah mboten . Amergi mangke diganjar miturut amal ipun . Yen katah , nggih mongko pikantuk keni'matan seng katah . Senajan amal ibadah niku boten angsal diniati kangge ganjaran keni'matan niki .

Kedik tapi mugi-mugi wonten manfa'atipun amin Allahumma Amin .

Dongo seng afdlol

Dongo seng afdlol

Yuk Ngaji Updated at: Mei 31, 2018

بِسْمِ الله الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْم


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته , الحمد لله رب العالمين , والصلاة والسلام علي اشرف المرسلين وعلي آله وصحبه اجمعين . اما بعد : قابلتك بوَسٍّ قبول , وختمت علي فمك بفخم الرسول , وتطاوعني بأيس ما اقول : الله اكبر

Kito terasaken pembahasan pertemuan kolo wingi :

Dongo seng paling afdlol , miderek hadis niki , inggih meniko "Alhamdulillah" .

Artosipun : Sedoyo puji , niku , kagunganipun Allah . 

Setunggal ucapan kang nuduhaken kito syukur maring Allah . Lan puncak pengabdian / ketaatan maring Allah , niku , syukur .

Misalipun , salat sunnah . Jenengan nate mireng cerito , kanjeng Nabi Muhammad Shollallahu 'alai wasallam , salat sunnah ngantos delamaan kaki nipun bengkak-bengkak ? 

Jawab ipun kanjeng Nabi mung :

أَفَلاَ أَكُوْنُ عَبْدًا شَكُوْرًا

"Apakah tidak boleh jika aku termasuk hamba yang bersyukur" .

Kanjeng Rasul ngibadah se'katahipun ngoten mung tujuanipun "syukur" . Nek kito niki tujuanipun nopo nggih ?

Yen kito diparingi saget syukur , mongko kito sejatosipun , mpun gadah kunci 'La in Syakartum, La adzidanakum . 

Dados ibarat ipun "sedoyo keni'matan ing donyo , niku , kados lemari seng terkunci" . La , kuncinipun , niku , syukur .

Pundi seng jenengan pikiraken ? Isi lemari tah kunci lemari ? 

Yen , jenengan mikir isi nipun , terus kepingin , terus bade bukak tapi boten saget-saget . Mestine , nggih , susah , nggih .

Benten nek kito keparingan kunci nipun , boten usah sisah-sisah . Nek kepingin nopo seng dok jerone , kari buka , terus saget dipendet , Alhamdulillah . Nggih seneng mestinipun .

Milanipun "sedoyo keni'matan wonten ing donyo" rupinipun nopo kemawon , kuncinipun mung syukur maring Gusti Allah . La ucapan "Alhamdulillah" , niku , saget nunju'aken syukur kito maring Gusti Allah , senajan , mungkin , sagete kaleh lesan ipun riyen . Yen dilampahi terus-menerus , insya Allah , mugi-mugi saget syukur kanti lisan lan manah kito .

Milanpun "Alhamdulillah" , niku , dongo seng paling utomo .

Salawat adad


اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ عَدَدَ مَا فِيْ عِلْمِ اللّٰهِ صَلَاةً دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللّٰهِ

"Ya Allah semoga Engkau senantiasa melimpahkan rahmat Engkau kepada beliau baginda Nabi Muhammad sebanyak apa yang ada di dalam ilmu Allah dengan salawat yang abadi seabadi kerajaan Allah" .

Keutama'an Tahlil

Yuk Ngaji Updated at: Mei 30, 2018

بِسْمِ الله الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْم

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته , الحمد لله رب العالمين , والصلاة والسلام علي اشرف المرسلين وعلي آله وصحبه اجمعين . اما بعد : قابلتك بوَسٍّ قبول , وختمت علي فمك بفخم الرسول , وتطاوعني بأيس ما اقول : الله اكبر

اللهم انا نسألك ونستغيثك ونتوب اليك ونتشفع ونتوجه ونتمسك ونتحصن ونستشفي ونعلم ونتعلم ونتوصل ونتقرب ببركات مؤلف الكتاب العلامة الحافظ جلال الدين السيوطي وشارحه العلامة امباه نووي بنتن وببركات المشايخ المسلسلين : بسيدنا عبد الحنان معصوم , وبسيدنا محمد احمد سهل , وبسيدنا محمد ياسين بن عيسي ، وبسيدنا عبد الحي التاني ، وبسيدنا قاضي الرباط احمد البناني ، وبسيدنا محمد بن خليفة المكناسي ، وبسيدنا محمد حقي النازلي رضي الله عنه وعنهم وقدس سرهم  , ونفعنا بهم وبعلومهم  , وامطر اللهم بحقهم غيث بركات الله علي التوالي ابدا لهم , الفاتحة

Khadl-rotul muhtaromin , poro 'alim , sesepuh lan pinisepuh , poro simbah , bapak lan ibu , adik-adik , sedoyonipun kemawon engkang sampun khadlir , rokhimakumullah .

Monggo kito mlebet bab kaleh - engkang bahas keutamaan "La ilaha illallah"

بِسْمِ الله الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْم

وقال صلي الله عليه وسلم : افضل الذكر "لا اله الا الله" وافضل الدعاء "الحمد لله" لباب الحديث ، الباب الثاني : الحديث الثاني



Wa qola : lan sampun dawuh sinten kanjeng Rasulullah

Sholla : mugi-mugi paring rohmat engkang ageng 

Allahu : sinten Allah

'Alaihi : engatase kanjeng Rasulullah

Wa sallama : lan ugi keselametan

"nopo sing didawuhaken"

Afdloludz dzik-ri : utawi langkung utami-utaminipun dzikir , iku ;

La ilaha illallah : wujudipun dzikir meniko inggih "La ilaha illah"

Wa afdlolud du'a-i : lan utawi langkung utami-utaminipun du'a , iku ;

Al-hamdulillah : inggih wujudipun do'a puniko "Al-hamdulillah"

Lubabul hadis , bab kaleh , hadis nomer kaleh .

وقال المعمر الشيخ محمد نووي بن عمر البنتاني في كتابه "تنقيح القول الحثيث" ، ص ٩ ما نصه : اي لانها كلمة التوحيد ، والتوحيد لا يماثله شيء ، ولان لها تاثيرا في تطهير الباطن ، ويفيد نفي الالهة بقوله لا اله يثبت الوحدانية لله تعالي بقوله الا الله ، ويعود الذاكر من ظاهر لسانه الي باطن قلبه ، ولان الايمان لا يصح الا بها اي مع محمد رسول الله . اهـ

(Mbah Nawawi Banten ngendiko , Kirang langkung artos ipun mekaten) : Tegesipun , kerono sa'temene wacan tahlil "La ilaha illallah" niku kalimah / wacan seng nuduhake ke-Tauhidan (negasaken bilih Gusti Allah niku Esa , Setunggal) . Lan nopo-nopo seng wonten hubunganipun kaleh Ke-Esa-anipun Gusti Allah , niku boten wonten seng bandingi . (Maksudipun : boten wonten wewacan seng saget nyameni / bandingi wewacan tauhid kados "La ilaha illallah") .

(Ngendikanipun Mbah Nawawi maleh) : Kerono sa'temene wacan tahlil "La ilaha illah" niku kagungan labet (daya / kekuatan / keistimewaan bi mannillah) eng dalem nyuce'aken batin .

(Lan Mbah Nawawi ngendikan maleh) : Lan wacan tahlil "La ilaha illallah" niku ugi neka'aken faidah nyata'ake bilih boten wonten pengeran kelawan pengucap "La ilaha" , lan netepaken ke-Esaan kerono Allah kanti pengucap "illallah" , wong seng dzikir wangsul sangking lesan lahiriyah wangsul maring batin manah . 

(Nuli ditambahi wacan : Muhammadur Rosulullah) , kerono iman boten sempurno kecuali kelawan "La ilaha illah" lan wacan "Muhammadur Rasulullah" .

Milanipun , surat Al-Ikzlas engkang disebut ugi "Surotut Tauhid" ganjaranipun ageng , diwahos peng tigo mawon nyameni ganjaran katam sa' Qur'an , amergi mengandung ayat-ayat Tauhid , Qul Huwallahu Ahad .


Milanipun , Ayat kursiy engkang dipun wastani ugi : Sayyidul Ayat , bendarane kabeh Ayat : amergi ucapan kawitanipun nuduhaken ketauhidan : Allahu La ilaha illa Huwal Hayyul Qoyyum . 

Wonten faidah agung : man isy-tagola bissayyid , fa yakunu sayyidan : barang siapa menyibukkan diri dengan sayyid utowo bendoro , mongko dewe'e bakal dadi sayyid utowo bendoro ugo . La mungkin niki ugi termasuk : shukh-bah engkang dipun lampahi deneng deneng poro Wali lan Ulama Allah engkang ageng-ageng . 

Misalipun : jenengan ketungkul mahos tahlil , terus tur ajeg , mongko jenengan bakal pinaringan keutamaanipun , faedah ipun , lan mungkin ugo jenengan bakal pinaringan rahasia-rahasia utawi keajaibanipun . Yen jenengan kepingin mangertosi amalan-amalan tahlil lan cara nipun , monggo kulo aturi kanti ijazah buka' kitab jami' usulil auliya' .

Lan ugi yen jenengan ketungkul mahos ayat kursi misal ipun , terus tur ajeg , mongko jenengan bakal pinaringan keutamaanipun , faedah ipun , lan mungkin ugo jenengan bakal pinaringan rahasia-rahasia utawi keajaiban-keajaiban ipun . Yen jenengan kepingin mangertosi amalan ayat kursi lan cara pengamalanipun , monggo kulo aturi kanti ijazah buka' kitab Kzo-zinatul Asror Jalilatul Adz-kar .

Niku yen jenengan seneng / remen wirid-wirid .

Nopo maleh yen kito kog saget shukh-bah kaleh tiyang 'alim utawi wali Allah , mongko kito saget dados ketularan ageng ipun , luar biasa nipun , berkah ipun , insya Allah . Kados Sayyid Izzuddin Ash-shoyyad mencapai gelar al-Quthub , rajanya para wali fi Aukhadil Wilayat , kerono beliau shukh-bah / awor sederek ipun Sayyid Abdul Mukhsin . La , Sayyid Abdul Mukh-sin , ugi mencapai gelar al-Quthub , rajanya para wali fi Aukhadil Wilayat , kerono beliau shukh-bah / awor kaleh al-Gouts Sayyid Ahmad Arrifa'i . Kados Mbah Hasyim Asy'ariy , berguru kaleh Mbah Kzolil Bangkalan , Mbah Kholil berguru kaleh Sayyid Ahmad Zainiy , Sayyid Ahmad berguru kaleh Maulana Utsman ad-Dimyati , Maulana Utsman berguru kaleh syekz Abdullah Asy-Syarqowiy , lan sak terasipun , lan sedoyonipun dados tiyang Ageng sedoyo . 

Tapi shukh-bah niki kudu sabar lan manah kudune ikz-las lan cinta maring tiyang seng di-shukh-bah / diwori . Tapi nek kito boten saget shukh-bah , mongko kito saget lewat coro lintu nipun , inggih meniko : ziarah , mahabbah , hidmah minimal bil khadh-roh : niku lo mahos ila khadh-roti . Mugo-mugo pinaringan berkah , berkah , Amin Allahumma Amin .

Dados sedoyo wacan utawi amalan enkang mengandung ke-Tauhidan , meng-Esa-kan Allah , mung Gusti Allah Pengiran kito , niku ageng sanget faidah , fadlilah lan keutamaanipun , kanti tembung La yu'addu Wa La Yukh-sho , boten saget diitung . Mung wae hadis-hadis lan faidah-faidah sangking poro wali meniko mung minongko 'ala sabilil ijmal mawon , secara umum mawon , boten terperinci , amergi kadang den khawatiraken amalan engkang khusus-khusus sangking tahlil den salah guna'ake deneng tiyang-tiyang seng dereng lurus lan istiqomah .

Monggo kito lanjutaken , wonten setunggal hadits :

جددوا إيمانكم قيل يا رسول الله وكيف نجدد إيماننا قال أكثروا من قول لا إله إلا الله

Ngendikanipun Iman Al Hakim : Hadis niki shohihul isnad , angsal dipun amalaken .

Hadis nopo sih niki , hadis engkang nedahaken bilih kito perayugi "memperbaharui iman" kanti ngatah-ngatahaken "La ilaha illallah" .

Mungkin , iman , niku , saget dipun ibarataken omah utawi griyo , yen kito perbaiki , kito renovasi , seng kirang nopo , lan nopo supoyo tambah nyaman dipanggeni , mongko inggih tambah-tambah nyaman , enggih tambah-tambah kepenak , adem , gawe krasan , disawang nyenengno . Kito saget ngrasa'ake "manisnya hidup" . 

La , kados iman , yen diperbaiki , diperbarui terus , supaya menjadi baru terus-menerus , mongko bakal ngrasa'aken manisnya iman . Nggih mungkin , kados ibarat griyo wau .


Alhamdulillah maleh , NU , niku , nuntun kito terbiasa tahlilan , senajan minimal seminggu sepisan . Nggih , supados iman kito , seperti baru terus , sae terus , diopeni terus , terpelihara terus . Nek mpun iman e sae , keyakinan maring Gusti Allah sae , mongko , urip ten donyo , niku , mboten gampang gruyah , kemrungsung . Hati ini akan lebih mantap menjalani hidup . Insya Allah .

Kulo kinten cekap semanten . Mbok bilih wonten tumpang suwih atur , kulo nyuwun pangapunten . Wa nas'alukallahumal kzoira 'ala kulli khauliniw wa khusnal kzotimati Amin , al-fatikhah .

Iman

Iman

Yuk Ngaji Updated at: Mei 29, 2018

بِسْمِ الله الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْم

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته , الحمد لله رب العالمين , والصلاة والسلام علي اشرف المرسلين وعلي آله وصحبه اجمعين . اما بعد : قابلتك بوَسٍّ قبول , وختمت علي فمك بفخم الرسول , وتطاوعني بأيس ما اقول : الله اكبر

اللهم انا نسالك , ونتوجه , ونتمسك , ونتحصن , ونستشفي , نتعلم , ونتفهم , ونتوصل , ونتقرب , بهذا الكتاب وشرحه وسنده , وبِبَرَكَات المشايخ المسلسلين : (١) شيخي الكياهي عبد الحنان معصوم , به , (٢) عن الكياهي سهل بن محفوظ , به , (٣) عن الشيخ محمد فادانج , به , (٤) عن الشيخ جمعان بن مأمون , به , (٥) عن الشيخ مباه نووي بنتن , به , (٦) عن الشيخ عبد الصمد فاليمبانج , به , (٧) عن الشيخ عاقب بن حسن الدين , به , (٨) عن الشيخ محمد الكردي , به , (٩) عن الشيخ محمد سعيد , به , (١٠) عن الشيخ احمد النخلي , به , (١١) عن الشمس محمد البابلي , به , (١٢) عن الشيخ احمد السبكي , به , (١٣) عن النجم محمد الغيطي , به , (١٤) عن الجمال يوسف الارميوني , به , (١٥) عن الحافظ جلال الدين عبد الرحمن بن ابي بكر السيوطي , رضي الله عنهم , ونفعنا بهم وبعلومهم  , وامطر اللهم بحقهم غيث بركات الله علي التوالي ابدا لهم , الفاتحة

Khadl-rotul muhtaromin , poro 'alim , poro simbah , bapak lan ibu , adik-adik , sedoyonipun kemawon engkang sampun khadlir , rokhimakumullah .

Kolo wingi sampun dugi hadits :

من صافحني او صافح من صافحني الي يوم القيامة دخل الجنة

[kirang langkung artosipun] “Sopo wonge salaman karo ingsung (kanjeng Nabi) , utowo salaman karo wong kang tau salaman karo ingsun , tumeko dino qiyamah , mongko wong iku mlebu suwargo” .

Hadis niki angsal jenengan amalaken matan ipun mawon utawi nganggo coro musalsal .

Maksud ipun : ngamalaken matan mawon niku , nggih angger salaman kaleh tiyang engkang sampun salaman kaleh guru nipun , guru nipun kaleh guru nipun maleh , terus , bersambung dumugi kanjeng Rasulullah Sallallahu 'alaihi wasallam .

La nek diamalake kanti musalsal , kados para wali dan ulama , niku tata carane , contoh ipun : sa'derenge salaman jenengan ngucap : "mbah Maimun , 

صافحني بالكف التي صافحت بها الشيخ محمد الفاداني

Mangke mbah Maimun jawab : Assalamu'alaikum .

Nek jenengan bade mirsani keterangan moshofahah kados niki , kulo aturi , bukak-bukak kitab "al ujalah" (musalsal no. 2) , utawi kitab "khusnul wafa" h. 19 , utawi kitab "ittikhaful ikz-wan" h. 138 . Utawi seng ngangge boso jowo ing kitab , Dalailul Kzoirot , h. 37-44 Terbitan : Toha Putra Qouman Semarang .

Sejatosipun hadis seng nek dilakoni , pikantuk bebungah surgo , niku katah . Kados :

من قال رضيت بالله ربا وبالاسلام دينا وبمحمد صلي الله عليه وسلم رسولا ، وجبت له الجنة

Kanjeng Rasul ngendiko [kirang langkungipun] : "Sinten tiyange mahos : 

رضيت بالله ربا وبالاسلام دينا وبمحمد صلي الله عليه وسلم رسولا

mongko , wajib/mesti dewe'e mlebu suwargo"

Lan ma'na [nek ten kitab Syarkhu Adz-kar] :

 وجبت له الجنة : ثبتت له

niku : den tetepake kangge dewe'e , suwargo . Yen dalam bahasa Indonesia : "Sudah dipastikan surga tempatnya kembali" . Masya Allah , sae sae sae .

Yen jenengan kerso ningali : kulo aturi bikak-bikak 

كتاب سنن ابي داود : ١٥٢٩ ، كتاب عمل اليوم والليلة : ٥ ، كتاب المستدرك ١ : ٥١٨

Lan hadis niki , hadis hasan .

Wonten maleh : 

من قال لا اله الا الله خالصا مخلصا دخل الجنة 

Kanjeng Nabi dawuh : [kirang langkung artosipun] "Sinten tiyange ngucapake "La ilaha illa Allah" dengan ikzlas semata-mata karena Allah , maka dia masuk surga.

La , hadis niki wonten ten kitab niki ten bab 2 .

Tapi , perlu di mangertosi , hadis niki boten "Muth-laq" , tegesipun wonten syarat ipun , inggih meniko : islam lan iman . Nek miderek Kiyahi Mush-lish Mranggen Demak , wonten tigo syarat ipun : Islam , iman , mahabbah fillah lillah . Dados tiyang meniko kedah Islam lan gadah iman utawi percoyo . Amargi , tiyang nek boten gadah iman utawi percoyo , boten pikantuk nopo-nopo . Dok aherat sengsoro , dilebokno nroko , terus disekso . hei kuwe ; cemplung - hei kuwe ; cemplung , ledeng koyo atum keno geni . Na'udzu billahi min dzalik .

Tapi nek dipikir-pikir nggih , amalan nopo kemawon , kados , wiridan , ganjarane ngeten-ngeten , ngaji , ganjarane kuatah , tapi nek ahire boten beto iman ? Na-'udzu billah , tsumma Na-'udzubillah .

اذا دخل اهل الجنة الجنة واهل النار النار ، وامر الله تعالي بان يخرج من النار من كان في قلبه مثقال ذرة من الايمان

"Arikalane mlebet ahli surgo reng surgo , ahli neroko reng neroko , Allah perintah ngedalaken saking neroko tiyang kang atinipun wonten iman senajan sa' bobote lebu / sa' bobote semut pudak" .

Artosipun : yen gadah iman senajan sa' titik til ten manah , mongko dilebetake suwargo .

La niki lo , iman harus dijaga ? Trus pripun cara nipun ? Usaha pertama , niku , gumantung maring Gusti Allah , nyuwun lan nyuwun .

عَنْ أَنَسٍ قَالَ : كَانَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يُكْثِرُ أَنْ يَقُولَ : يَا مُقَلِّبَ الْقُلُوبِ ثَبِّتْ قَلْبِي عَلَى دِينِكَ . فَقُلْت : يَا رَسُولَ اللَّهِ آمَنَّا بِكَ وَبِمَا جِئْتَ بِهِ فَهَلْ تَخَافُ عَلَيْنَا ؟
قَالَ : نَعَم ْ، إِنَّ الْقُلُوبَ بَيْنَ أُصْبُعَيْنِ مِنْ أَصَابِعِ اللَّهِ يُقَلِّبُهَا كَيْفَ يَشَاءُ .

عن شَهْرِ بْنِ حَوْشَبٍ قَالَ : قُلْتُ لِأُمِّ سَلَمَةَ :
يَا أُمَّ الْمُؤْمِنِينَ , مَا كَانَ أَكْثَرُ دُعَاءِ رَسُولِ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ إِذَا كَانَ عِنْدَكِ ؟
قَالَتْ : كَانَ أَكْثَرُ دُعَائِهِ "يَا مُقَلِّبَ الْقُلُوبِ ثَبِّتْ قَلْبِي عَلَى دِينِكَ" . وفي تحفة الأحوذي "أَيْ اِجْعَلْهُ ثَابِتًا عَلَى دِينِك غَيْرَ مَائِلٍ عَنْ الدِّينِ الْقَوِيمِ وَالصِّرَاطِ الْمُسْتَقِيمِ" .

ولفظ ثبت بمعني : اكّده بالبينة ايضا .

Sampun , sak niki kito wangsul ke babakan ulama maleh . Sejatosipun sinten si , tiyang 'alim niku , derek lungguh ing majlise , ningali , salaman , kog fadlilahe agunge kados mengaten ? 

Nopo tiyang seng apal qur'an , niku wong 'alim?

Nopo tiyang seng pinter agomo , ngertos dalil nopo wae , niku wong 'alim?

Nopo tiyang seng pinter tur cakap , luar biasa olehe pidato?

Mengenai sinten tiyang 'alim niku , Maulanal Quth-bul Goutsusy Syekz Abu Yazid Thoifurul Basthomiy , ngendiko :

ليس العالم من يحفظ من كتاب الله , فاذا نسي ما حفظ صار جاهلا

[kirang langkung saget dipun pahami , wallahu a'lam , kados mekaten] Tiyang 'alim niku boten seng apal kitab ipun Gusti Allah , "boten ugi seng apal dalil-dalil , boten ugi sengsaget mahos kitab-kitab , boten ugi seng seng pinter pidato lan ceramah" .

بل من يأخذ علمه من ربه اي وقت شاء بلا تحفظ ولا درس , وهذا هو العالم الرباني

tetapine , tiyang 'alim niku , tiyang seng ilmune sangking Gusti Allah , kapan butuh iso . Lo , kog saget ilmunipun sangkeng Gusti Allah ? Nggih saget , sebab , ngamalaken ilmu .

Pernah para ulama seng agung-agung dan para ahli fiqh podo sowan Syekz Thoifurul Bustomi , lan tangklet : Ilmu jenengan niku sangkeng sinten lan sangkeng pundi , kog hebat sanget . Jawab beliau [kirang langkung ipun mekaten] : Ilmuku sangkeng kanugerahanipun Gusti Allah langsung lan sebab , aku ngamalno ilmu , kerono kanjeng Rasulullah sampun ngendiko :

من عمل بما علم

[kirang langkung ma'na nipun kados mekaten] : Sopo wonge ngamalake barang kang direteni ,

ورثه الله علم ما لم يعلم

mongko Allah maringi Ilmu seng dereng direteni .

Setelah dijawab begitu , nuli para Ulama dan Fuqoha' terdiam .

Tegesipun : Nek kito purun ngamalaken ilmu seng sampun dipelajari , mongko Allah maringi ilmu seng dereng kito weruhi . Terus ngamalaken maleh , mongko bakal ditambah maleh , terus , tambah-tambah 'alim . Masya Allah .

Keutamaan ilmu dan Ulama

Yuk Ngaji Updated at: Mei 20, 2018


بِسْمِ الله الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْم



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته , الحمد لله رب العالمين , والصلاة والسلام علي اشرف المرسلين وعلي آله وصحبه اجمعين . اما بعد : قابلتك بوَسٍّ قبول , وختمت علي فمك بفخم الرسول , وتطاوعني بأيس ما اقول : الله اكبر



اللهم انا نسالك , ونتوجه , ونتمسك , ونتحصن , ونستشفي , نتعلم , ونتفهم , ونتوصل , ونتقرب , بهذا الكتاب وشرحه وسنده , وبِبَرَكَات المشايخ المسلسلين : (١) شيخي الكياهي عبد الحنان معصوم , به , (٢) عن الكياهي سهل بن محفوظ , به , (٣) عن الشيخ محمد فادانج , به , (٤) عن الشيخ جمعان بن مأمون , به , (٥) عن الشيخ مباه نووي بنتن , به , (٦) عن الشيخ عبد الصمد فاليمبانج , به , (٧) عن الشيخ عاقب بن حسن الدين , به , (٨) عن الشيخ محمد الكردي , به , (٩) عن الشيخ محمد سعيد , به , (١٠) عن الشيخ احمد النخلي , به , (١١) عن الشمس محمد البابلي , به , (١٢) عن الشيخ احمد السبكي , به , (١٣) عن النجم محمد الغيطي , به , (١٤) عن الجمال يوسف الارميوني , به , (١٥) عن الحافظ جلال الدين عبد الرحمن بن ابي بكر السيوطي , رضي الله عنهم , ونفعنا بهم وبعلومهم  , وامطر اللهم بحقهم غيث بركات الله علي التوالي ابدا لهم , الفاتحة

Khadl-rotul muhtaromin , poro 'alim , sesepuh lan pinisepuh , poro simbah , bapak lan ibu , adik-adik , sedoyonipun kemawon engkang sampun khadlir , rokhimakumullah .


Kulo niki nggih , sejatosipun , kadose dereng pas yen ten mriki moco kitab hadis . Tapi kulo pikantuk wadzifah sangking pengurus , romadlon niki , kulo mahos kitab "Tan-kikhul Qoulil Kha-tsis" mugi-mugi kulo pinaringan pitulungan dan panjenengan pikantuk keberkahan dan kemanfaatan .


Eng ngajeng wau , kulo moco muqoddimah rade panjang sanget . Amergi kulo moco sanad ijazah kitab meniko . Kulo pikantuk ijazah sanad kitab niku sangking guru kulo kiyahi Abdul Hannan Ma'sum Kediri , beliau dari mbah Sahal , mbah Sahal sangking guru nipun , inggih puniko : syekh Fadani , munggah dumugi mbah Nawawi Banten , engkang kagungan kitab "Tan-kikhul Qoul" niki , munggah maleh ngantos dumugi Imam Suyuti , engkang kagungan kitab "Lubabul Hadis" matan kitab meniko .



Amergi miderek kitab niki


السند سلاح المؤمن , فاذا لم يكن سلاح فبم يقاتل


Ibarat , sanad niku kados alat utawi golok seng landepe pol , perkoro agomo , donyo lan aherat ibarat kayu , terus pripun nek ajeng nebas kayu nek boten wonten alat utawi golok ipun .

Nek ten kitab Jawahirul 'Arifin (juz 2 h. 22) :


والعلم بلا سند كمن يرتقي الي سطح بلا سلم



Ibarat , sanad niku kados ondo reng menoro , la , nek boten ngangge ondo , trus pripun munggahe reng menoro .


Kitab meniko mengku 40 bab , lan saben bab ipun mengku 10 hadits.


Sa'niki monggo , kito perhatosaken hadis pertama bab setunggal :


قال النبي صلى الله عليه وسلم لابن مسعود رضي الله عنه : ﴿يَا ابْنَ مَسْعُوْدٍ , جُلُوْسُكَ سَاعَةً فِيْ مَجْلِسِ العِلْمِ , لاَ تَمَسُّ قَلَماً , وَلاَ تَكْتُبُ حَرْفًا خَيْرٌ لَكَ مِنْ عِتْقِ أَلْفِ رَقَبَةٍ , وَنَظَرُكَ إِلىَ وَجْهِ العَالِمِ خَيْرٌ لَكَ مِنْ أَلْفِ فَرَسٍ تَصَدَّقْتَ بِهَا فِيْ سَبِيْلِ اللهِ , وَسَلاَمُكَ عَلىَ العَالِمِ خَيْرٌ لَكَ مِنْ عِبَادَةِ أَلْفِ سَنَةٍ﴾ . اهـ



"Kanjeng Nabi ngendiko maring sahabat Ibnu Mas'ud : [kirang langkung artosipun] Ibnu Mas'ud , lelungguhanmu sesa'at ing majlis ilmu , tanpo nyekel qolam lan tanpo nulis sa' huruf wae , iku luweh sae kanggo iro katimbang merdeka'ake sewu budak , lan peningal iro maring wajah'e wong 'alim , iku luweh sae kanggo iro katimbang sodaqoh sewu jaran ing dalanipun Gusti Allah , lan ulu' salam iro maring wong 'alim , iku luweh sae kanggo iro katimbang ibadah sewu tahun" .


Agungipun derek majlis ilmu , ngantos , lelungguhan mawon tanpo nulis babar blas , niku langkung sae katimbang merdeka'ake sewu budak . Menopo maleh nek kerso nulis , kados nulis utawi nyalin hadist-hadis ing kitab alit niki . Kanjeng Rasul ngendiko :


من جمع اربعين حديثا فهو في العفو والغفران


"Sinten kemawon engkang kerso ngumpulaken 40 hadist , mongko tiyang meniko eng dalem maaf lan pangapuntenipun Gusti Allah" .


Ten hadis niku kan , boten wonten penetapan kata , dunya utawi aherat . Berarti saget dipahami : sinten kemawon , enggih maksude tiyang Islam tur iman niki , purun ngumpulaken 40 hadith Nabi , mongko tiyang meniko pinaringan pangapuntenipun Gusti Allah , senajan sampun sedo . Masya Allah , berkahipun nulis hadits Nabi , seg agunge ngoten . Amergi , yen dingapunten sa' ba'dane sedo , berarti tiyang niku bejo . Terus dilebetaken surgo . Masya Allah . Sae sae sae . Alhamdulillah .


Hadis niki , katah sanget poro ulama engkang ngamalaken . Dipun sebataken ing kitab khash-rusy syarid ,  wonten sekitar 51 kitab arbain sa' sanad lan ijazah ipun sangking poro ulama engkang masyhur utawi terkenal . Wonten kitab Arba'in Nawawi , Arbain Nasafi , Arbain Kharomain dan lintu-lintunipun katah sangat .


Nopo wonten hadaits maleh seng wonten kaitan agungipun nulis-menulis . Wonten !


Kanjeng Rasulullah ngendiko :


ﻣﻦ ﺻﻠﻰ ﻋﻠﻲ ﻓﻲ ﻛﺘﺎﺏ ﻟﻢ ﺗﺰﻝ ﺍﻟﻤﻼﺋﻜﺔ ﺗﺴﺘﻐﻔﺮ ﻟﻪ ﻣﺎ ﺩﺍﻡ ﺍﺳﻤﻲ ﻓﻲ ﺫﻟﻚ ﺍﻟﻜﺘﺎﺏ


[kirang langkung artosipun] "Sopo wonge mahos solawat ing dalem suwiji kitab , mongko poro malaekat nyuwunaken pangapunten maring tiyang wau selagine nama ingsun [Kanjeng Nabi] ing kitab iku" .


[Kirang langkung] tegesipun  : yen kito purun nulis salawat ing suwiji kitab , mongko disuwunaken pangapunten maring Gusti Allah deneng poro mala'ikat .


ﻣﻦ ﺻﻠﻰ ﻋﻠﻲ ﻓﻲ ﻛﺘﺎﺏ ﻟﻢ ﺗﺰﻝ ﺍﻟﻤﻼﺋﻜﺔ


"Lam tazal" , niku , artosipun : terus-menerus , orak mandek-mandek . Tegesipun tiyang wau boten mandek-mandek dipun suwunaken pangapunten , senajan sampun pejah , selagine tulisan wau taksih ten kitab puniko . Masya Allah agungipun nulis solawat .

Kito lajengaken :


وَنَظَرُكَ إِلىَ وَجْهِ العَالِمِ
  

"peningal iro maring wahah wong 'alim"


Mbah Nawawi Banten : nambahi keterangan


اي بنظر المحبة


"Tegesipun : kanti peningal remen , seneng" , niku ,


خَيْرٌ لَكَ مِنْ أَلْفِ فَرَسٍ تَصَدَّقْتَ بِهَا فِيْ سَبِيْلِ الله


"langkung sae , katimbang sodaqoh sewu jaran kanggo perang fi sabilillah" .


Padahal , sedekah , miderek ten kitab niki bab 17 :


تدفع ميتة السوء


"nolak mati seng olo"


تسد سبعين بابا من السوء


"nutup 70 pintu kealanan"


ترد البلاء وتطول العمر


"nolak bala' lan dawa'ake umur" .


La , niki , ningali wong alim , "langkung sae , katimbang sodaqoh sewu jaran kanggo perang fi sabilillah" , masya Allah . Sae sae sae .


كل من يتبرك بمشاهدته في حياته , يتبرك بزيارته بعد وفاته


"saben wong seng sewaktu hidupnya bisa diambil barokah dengan melihatnya , maka setelah meninggal bisa dialap berkahnya juga" (Ihya' Ulumiddin juz 2 h. 246 , keterangan kados niki ugi wonten ten kitab "sirojul 'arifin" h. 192 , ugi ten kitab "jawahirul 'arifin" juz 2 h. 14) .


Bahkan menyebut-nyebut nama para beliau saja berkah :


اذ بذكرهم تفتح ابواب السموات العلي العلية , وتنزل الرحمات والبركات والفيوضات الالهية


"Dengan menyebut para beliau , dibuka pintu-pintu langit , dan diturunkan pirang-pirang rahmat , keberkahan lan kanugerahan" .

 

Mulane biasane tiyang NU niku , sa'derenge tahlilan , seneng , remen , hadl-roh tawasulan , nyebut-nyebut asmane poro wali sa' katah-katahe , sa' apale , sa' nyanda' e .


Lan diterangaken sangking Wali Qutub Agung Syekz Abdul Wahhab Asy-Sya'roniy rodli-yallahu anhu , panjenenganipun nampi dawuh sangking ba'dli masya-yikzihi :


ان الله تعالي يوكل بقبر كل ولي ملكا يقضي حوائج من توسل بهم , كما وقع ذلك للامام الشافعي , والسيدة نفيسة , والسيد احمد البدوي , رضي الله عنهم اجمعين


"Sa' temene Gusti Allah Ta'ala iku makelake ono ing sareyane (qubure) kabeh wali ing malaekat kang nekani ing sekabehane hajate wong-wong kang podo tawasul karo wali-wali mau" . (Annurul Burhaniy juz 1 h. 40)


Sa' lajengipun :


وَسَلاَمُكَ عَلىَ العَالِمِ خَيْرٌ لَكَ مِنْ عِبَادَةِ أَلْفِ سَنَة


"ulu' salam jenengan maring wong 'alim , niku langkung sae katimbang ibadah sewu tahun" . Nopo maleh , nek jenengan purun mushofakhah (salaman) kaleh tiyang 'alim kanti "musalsal bil musho-fakhah" , misal ipun : mbah sahal kajen lan mbah maimun zuber sarang salaman kaleh guru nipun syek Yasin al-Fadani , syaikzul Fadani kaleh guru nipun syekz umar hamdan , syekz umar salaman kaleh gurunipun syekz 'alil wit-ri , terus , minggah , ngantos , sahabat anas bin malik , dan sahabat anas salaman kaleh kangjeng Rasulullah . Kanjeng Rasulullah ngendiko :


من صافحني او صافح من صافحني الي يوم القيامة دخل الجنة


[kirang langkung artosipun] “Sopo wonge salaman karo ingsung (kanjeng Nabi) , utowo salaman karo wong kang tau salaman karo ingsun , tumeko dino qiyamah , mongko iku wong mlebu suwargo” .


Nek jenengan bade mirsani keterangan moshofahah kados niki , kulo aturi , bukak-bukak kitab "al ujalah" (musalsal no. 2) , utawi kitab "khusnul wafa li ikz-wanish-shofa" h. 19 , utawi kitab "ittikhaful ikz-wan" h. 138 .


Miderek Kiyahi Mushlih Mranggen (kirang langkungipun kados mekaten) :"Ananging hadis niki boten mut-laq , balik ngangge syarat : iman , islam lan makhabbah fillah wa lillah" .


Lan panjenenganipun ugi maringi keterangan (kirang langkungipun kados mekaten) :


Peraturane olehe mushofahah


Syekz Abu Hurmus matur karo shohabat Anas :


صافحنا بالكف التي صافحت بها رسول الله صلي الله عليه وسلم


Banjur shohabat Anas mushofahah karo syekz Abu Hurmus kanti ngucap :


السلام عليكم , صافحت بكفي هذا كف رسول الله صلي الله عليه وسلم


Semono ugo Syekz Kzolaf bin Tamim hiyo matur karo Syekz Abu Hurmus :


صافحني بالكف التي صافحت بها انسا


Banjur Syekz Abu Hurmus mushofahah karo Syekz Kzolaf bin Tamim kanti dawoh : Assalamu'alaikum , koyo mengkono sa' teruse hinggo ingsun (Kiyahi Mush-lih bin Abdur Rohman) matur karo Syaikzinasy Syekz Alamuddin Muhammad Yasin bin 'Isa al-Makkiy :


صافحني بالكف التي صافحت بها الشيخ عمر حمدان


Banjur mushofahah sopo Syaikzuna karo ingsun serto dawuh : Assalamu'alaikum .


Semono ugo Syaikzuna Alamuddin Muhammad Yasin bin 'Isa hiyo matur karo Syekz Umar Hamdan :


صافحني بالكف التي صافحت بها السيد عليا الوتري


Banjur Syekz Umar Hamdan mushofahah karo Syaikhina , serto dawuh : Assalamu'alaikum . Koyo mengkono sa' banjure . Dalailul Kzoirot , h. 37-44 Terbitan : Toha Putra Qouman Semarang .


Sejatosipun sinten si , tiyang 'alim niku , derek lungguh ing majlise , ningali , salaman , kog fadlilahe agunge kados mengaten ?Nopo tiyang seng apal qur'an , niku wong 'alim?


Nopo tiyang seng pinter agomo , ngertos dalil nopo wae , niku wong 'alim?


Mengenai sinten tiyang 'alim niku , Maulanal Quth-bul Goutsusy Syekz Abu Yazid Thoifurul Basthomiy , ngendiko :


ليس العالم من يحفظ من كتاب الله , فاذا نسي ما حفظ صار جاهلا


[kirang langkung ma'na ipun , wallahu a'lam , kados mekaten] Tiyang 'alim niku boten seng apal kitab ipun Gusti Allah , "boten ugi seng apal dalil-dalil , boten ugi seng saget mahos kitab-kitab , boten ugi seng seng pinter pidato lan ceramah" .


بل من يأخذ علمه من ربه اي وقت شاء بلا تحفظ ولا درس , وهذا هو العالم الرباني


tetapine , tiyang 'alim niku , tiyang seng ilmune sangking Gusti Allah , kapan butuh iso . Lo , kog saget ilmunipun sangkeng Gusti Allah ? Nggih saget , sebab , ngamalaken ilmu .


Niki dasare :


Pernah para ulama seng agung-agung dan para ahli fiqh podo sowan Syekz Thoifurul Bustomi , lan tangklet : Ilmu jenengan niku sangkeng sinten lan sangkeng pundi , kog hebat sanget . Jawab beliau [kirang langkung ipun mekaten] : Ilmuku sangkeng kanugerahanipun Gusti Allah langsung lan sebab , aku ngamalno ilmu , kerono kanjeng Rasulullah sampun ngendiko :


من عمل بما علم


[kirang langkung ma'na nipun kados mekaten] : Sopo wonge ngamalake barang kang direteni ,


ورثه الله علم ما لم يعلم


mongko Allah maringi Ilmu seng dereng direteni .


Setelah dijawab begitu , nuli para Ulama dan Fuqoha' terdiam .


Tegesipun : Nek kito purun ngamalaken ilmu seng sampun dipelajari , mongko Allah maringi ilmu seng dereng kito weruhi . Terus ngamalaken maleh , mongko bakal ditambah maleh , terus , tambah-tambah 'alim . Masya Allah .


Lan ing kitab jawahirul arifin juz 2 :


ومن علم ثم عمل ثم علم , فهو يدعي عظيما في ملكوت السموات


Sopo wes reti , nuli ngamalno , terus diparingi ngerti maleh [terus kados mekaten] , mongko tiyang meniko Agung ing kerajaan langit . Masya Allah , sae sae sae .



Mekaten sangking kulo , kirang langkungipun mugi-mugi Allah ngapunten .

Langganan: Postingan (Atom)

Search Article

Label

  • Amalan (268)
  • Fiqh (137)
  • Fathul Qorib (132)
  • Al Qur'an (115)
  • Sanad (66)
  • Sholawat (37)
  • Kutub Islamiyah (25)
  • Biografi (22)
  • Kutubul Qoum (20)
  • Nasehat (16)
  • Adab (15)
  • Islamic Knowledge (12)
  • Kitab al-Fawaid (9)
  • الاوراد بعد المكتوبات وزياداتها (9)
  • Boso Jowo (7)
  • Ngaji Romadlonan 2018 (5)
  • 12 Bulan Qomariyah (4)
  • al-Kawakib al-Madliyyah (3)
  • Doa Sa'at Harian (2)
  • Tatsbitul Fuadiy (2)
  • Al-Wasa'il (1)
  • Hilal 12 Bulan (1)
  • Qur'an dan Translitersi (1)
  • Sholat Sunah (1)
  • Transliterasi (1)
Diberdayakan oleh Blogger.

↑