Di dalam kitab "Nurudz Dzolam Syar-hu Mandzumati Aqidatil Awam" karya Kiyahi Abu Abdil Mu'thiy Muhammad Nawawi bin Umar bin 'Ali al-Jawiy asy-Syanariy asy-Syafi'iy yang terkenal di dunia Islam dengan julukan "al-Imamul Fahmul Mudaq-qiq", dan juga terkenal dengan gelar "Sayyidu Ulamail Hijaz", sedang di Indonesia dikenal dengan nama "Mbah Nawawi Banten", beliau berkata di dalam kitab beliau tersebut pada halaman 13 sebagai berikut:
| |
Ketahuilah, sesungguhnya sebab Sayyid Ahmad al-Marzuqi menulis nadhom ini karena sesungguhnya beliau telah bermimpi berjumpa Rosulullah dan para sahabatnya pada akhir malam Jumat pertama, 6 Rojab 1258 H. (Dalam mimpi tersebut) Rosulullah bersabda: "Bacalah Nazom Tauhid yang barangsiapa menghafalnya ia akan masuk surga dan mendapatkan apa yang dituju dari setiap kebaikan yang bersesuaian dengan al-Qur'an dan as-Sunnah."
| |
Kemudian Sayyid Ahmad al-Marzuqi bertanya: "Nazom apakah itu ya Rosulullah?". Para Sahabat Nabi menjawab: "Dengarkan apa yang akan Rasulullah ucapkan." Maka Rosulullah bersabda: "Ucapkanlah; Abda-u bismillahi war Rohmani". Kemudian Sayyid Ahmad al-Marzuqi menirukan: "Abda-u bismillahi war Rohmani" sampai akhir nadhom sementara Rosulullah mendengarkan. Dan saat Sayyid Ahmad al-Marzuqi terbangun dari mimpinya, beliau mencoba membaca nadhom yang ada di dalam mimpinya dan ternyata dia mampu menghafalnya dari awal nadhom sampai yang terakhir.
| |
Kemudian, pada seper-empat akhir malam Jumat 28 Zulqa'dah, Sayyid Ahmad al-Marzuqi kembali bermimpi berjumpa Rosulullah lalu Rosulullah bersabda: "Bacalah apa yang telah kamu kumpulkan (yang ada dalam hatimu)!"
| |
Kemudian Sayyid Ahmad al-Marzuqi pun membacanya dari awal sampai akhir, dan saat itu Sayyid Ahmad al-Marzuqi berada diantara kedua tangan Rosulullah dan para Sahabat yang mengelilingi beliau sambil mengucapkan "Amin" pada setiap bait (nadhom) yang selesai dibacakan. Setelah bait-bait tersebut selesai dibaca, Rasulullah berdoa untuk Sayyid Ahmad al-Marzuqi: "Semoga Allah memberimu taufiq (pertolongan) kepada hal-hal yang diridha-Nya dan menerima nadhom tersebut itu darimu dan memberi keberkahan bagimu dan keberkahan untuk segenap orang mukmin dan menjadikan nadhom-nadhom tersebut bermanfaat bagi hamba-hamba Allah", semoga Allah mengabulkannya.
| |
Kemudian beliau ditanya oleh orang-orang tentang Nadzom tersebut, maka beliau menjawabnya dan menambahkan ke dalam nadzomnya:
| |
Artinya: Setiap apa yang datang dari Rosulullah hendaklah kita pasrah dan terima dengan ridha.
| |
Berikut ini adalah nadhom tersebut yang diterjemah dengan syi'ir berbahasa jawa:
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
Moco ingsun kelawan ngucap Bismillah # Ing pengajab mugi pikantuk pitedah
| |
Kabeh puji katur maring Gusti Allah # Tanpo Pungkasan, Langgeng lan Tanpo Owah
| |
Nuli rohmat serto salam selawase # Maring Nabi paling mulyo lan agunge
| |
Lan sedoyo sanak, sahabate Nabi # Lan kang anut Nabi orak bakal rugi
| |
Nuli siro kabeh iku wajib weruh # Sifat wajibe Allah kang rong puluh
| |
Allah (1) Wonten (yaqin), (2) Dihén, (3) Langgeng serto # (4) Berbedani kabeh makzluk kanti roto
| |
Lan (5) Jumeneng, Sugéh, (6) Suwiji, lan (7) Gesang # (8) Kwoso, (9) Kerso, (10) Ngudaneni kabeh tiyang
| |
Kang (11) Miharso, (12) Ningali lan (13) Ngendiko # Wonten pitu sifate Allah ngertiyo
| |
Allah (14) Kwoso, (15) Kerso, (16) Mireng, lan (17) Ningali # (18) Sugeng, (19) Ngudaneni, (20) Ngendiko, Lestari
| |
Wenang paring kanugrahan lan adilé # Wenang damel, boten damel, sa' kersané
| |
Sifat poro Nabi cerdas lan jujur # Nyampéaké, dipercoyo kanti luhur
| |
Ugi gadah sifat lum-rahé menungso # Dahar, gerah, kang ing drajat boten sudo
| |
Kareksané Rusul koyo malaékat # Tapi mesti unggul timbang malaékat
| |
Mu-khal Allah, Rusul sewali'é wajib # Mulo aqo'id séket hukumé wajib
| |
Rusul selawé wajib diapalaké # Saben mukallaf kang ngaji yaqinaké
| |
Sadatuna Adam, Idris, Nuh lan Nabi Hud # Sholih lan Nabi Ibrohim kabeh do manut.
| |
Sadatuna Luth, Isma'il, Nabi Ishaq # Ya'qub, Yusuf, Ayyub kabeh gowo kang "Haq".
| |
Syu'aib, Harun, Musa, Ilyasa' pinilih # Dzulkifli, Dawud, Sulaiman Nabi Sugih.
| |
Ilyas, Yunus, Zakaria lan Yahya # Nabi Isa, Nabi Thoha Nabiyyuna
| |
Atas kabeh Rusul rohmat lan salam # Atas kluarga ugi berkah lan salam
| |
Malaékat kabeh tanpo romo ibu # Boten dahar tanpo ngunjuk ora turu
| |
Rinciané niku sadatuna Jibril # Mika'il, lan Isrofil, serto Izro'il
| |
Munkar, Nakir, Roqib, 'Atid, Malik, Ridwan # Sedoso Mala-ékat apalno tenan
| |
Papat kitab perinciané kang urut # Taurot Nabi Musa ngertiyo kang runtut.
| |
Zabur Nabi Dawud, Injil Nabi Isa # Qur'an Mu'jizat Nabi Agung Ahmada
| |
Shuhuf al-Kholil gelar Nabi Ibrohim # Shuhuf Nabi Musa gelare al-Kalim
| |
Kabeh dawuh kang dibeto Kanjeng Rosul # Kito kedah yaqin, nurut, serto qobul
| |
Iman anané dino qiyamat: Wajib # Mah-syar, Hisab, Shiroth, Surgo, ugi Wajib
| |
Pungkasan hanutur perkawis kang wajib # Mungguh poro mukallaf kang ugi wajib
| |
Nabiyyuna Muhammad temen dén utus # Dados rahmat kabeh mah-luk kanti bagus
| |
Tambahan:
Sangking Romo: Sayyid Abdullah Hasyim # Ibni Abdil Muttolib, ibni Hasyim
Ibni Abdi Manaf, Ibni Qushoiyin # Sangking ibu: Dewi Aminah, (binta) Wahbin
Ibni Abdi Manaf, Ibni Zuhrotin # Ibni Kilab, ibni Murroh, ibni Ka'bin
Ibni Lu'ai, ibni Golib, ibni Fihrin # Ibni Malik, ibni Nadlr, (ibni) Kinanatin
Ibni Khuzaimah, ibni Mudrikatin # Ibni Ilyas, ibni Mudlor, (ibni) Nizarin
Ibni Ma'ad, (ibni) 'Adnan iku nasabé # Nuli Raden Kilab temu sambungané
| |
Ibu Nabiy: Dewi Aminah Zuhriyah # Kang nesepi: Dewi Halimah Sa'diyah
| |
Miyos Nabiy lan dén utus ono Mekkah # Sédonipun serto sumaré Medinah
| |
Keparingan wahyu yuswo patang puluh # Sédo Nabiy yuswo luweh enem puluh
| |
Putro Nabiy kabeh pitu ing jumlahé # Tigo kang jaler iku podo mulyané.
| |
Sayyid Qosim, Sayyid Abdullah weruho # Thoyyib, Thohir laqobé podo ngertiyo
| |
Sayyid Ibrohim putrane Rasulillah # Gandeng Sayyidah Maryah al-Qibtiyah
| |
Liyané Ibrohim putroné Khodijah # Iku enem ngalapo lebokno manah
| |
Papat sangking enem iku putri kabéh # Mugi ridlo Pengéran lumintu kabéh
| |
Éngkang awal Siti Fatimah éstriné ... # Imam Ali lan Hasan Husein putrané
| |
Kapindoné: Zainab, lan telu: Ruqoyah # Nomer papat: Ummi Kultsum suci manah
| |
Songo éstri dén tilar sédo Jeng Nabi # Kintun milih, éstri milih kanjeng Nabi
| |
Yoiku Siti 'Aisyah, Khaf-shoh, Saudah # Siti Shofiyyah, Maimunah, lan Romlah
| |
Déwi Hindun, Zainab lan Juwairiyah # Ibuné saben Mu'minin lan Mu'minah
| |
Rolas paman, engkang masyhur: 'Abbas, Hamzah # Songo bulék, engkang masyhur: Shofiyyah
| |
Dereng hijrah, Kanjeng Nabiy den timbali # Sangking Mekkah, mongso bengi maring Qudsiy
| |
Ba'da tindak nuli munggah reng angkoso # Hinggo hadlir ing ngersane Kang Kuwoso
| |
Tanpo coro, tanpo bates, paring fardlu # Maring Nabiy, limo ba'da séket wektu
| |
Nuli paring kabar umat ing tindak'é # Lan limang fardlu tanpo mamang atiné
| |
Bejo temen Abu Bakar ngesto'aken # Munggah mesti metu'i timbalan dalem
| |
Déné iki kitab 'aqo-id dén ringkes # Mulo gampang kanggo wong ngaji kang deres
| |
Kang ngangget asma Sayyid Ahmad Marzuqi # Tutuk nasabe tumeko maring Nabiy
| |
Nuli puji keduwe Allah lan salam # Atas Nabiy, kang dadi rohmate alam
| |
Lan sanak, shohabat kang paring pituduh # Lan kang derek mugi pikantuk pituduh
| |
Ingsun nyuwun maring Allah resék amal # Berkah nadhom kangge tiyang engkang apal
| |
Lari'ané 'aqo-id séket lan pitu # Tahun séwu lan rong-atus séket wolu
| |
Sun arani kitab 'Aqidatul Awam # Pertelané ajaran 'aqoid Islam
| |
Selesai nadhom dengan sempurna, Alhamdulillah.
Adapun sanad ijazah yang bersambung kepada Sayyid Ahmad al-Marzuqi: Saya mendapatkan ijazah kitab tersebut dari KH. Abdul Hannan Ma'sum Kediri, beliau dari Mbah Sahal Kajen, Mbah Sahal dari Syekh Yasin al-Fadaniy, Syekh Yasin dari Mbah Hasyim Asy'ari Jombang, Mbah Hasyim dari Mbah Kholil Bangkalan Madura, Mbah Kholil dari Sayyid Ahmad Zainiy Dahlan (Lihat kitab "Bulugul Amani Fi Asanidisy Syekh al-Fadani" halaman 172 dan 175), dan Sayyid Ahmad Zainiy dari Sayyid Ahmad al-Marzuqi (Lihat kitab "Tas-hilul Marom Li Darisi Aqidatil Awam" halaman 5). Wallahu A'lam.
| |