Yuk Ngaji

"وبالاخلاص اسلم واقرب الي الاجابة"
  • Home
Home » Boso Jowo » Muqodimah Hajatan

Muqodimah Hajatan

» Boso Jowo
» Senin, 29 Juni 2020

Poro alim poro sepuh poro rawuh sami, tamu undangan engkang setuhu bagio mulyo, nyuwun pangapunten awet kulo lenggah ten mriki, ateges kulo boten ngirangi toto terap silo anggen panjenengan bae atur kelawan pangandikan, ananging kulo pinanggenah sangking panjenenganipun .... bu Sumiyati.

Engkang ongko sepindah, monggo sesarengan muji syukur dateng ngarsanipun Allah, awet ni'mat engkang sampun kaparingaken, katitik wonten eng wekdal puniko, kito saget ngrawuhi nopo engkang sampun dados undanganipun kanti boten wonten aral setunggal menopo. Solawat ma'as Salam mugi kunjuk dumateng junjungan kito Nabi agung Muhammad Shollallahu 'alaihi wa sallam, mugi-mugi kito termasuk ewonipun tiyang engkang pikantuk syafa'atal Udz'ma, amin Allahumma amin.

Kaping tigonipun sugeng rawuh, sugeng pinarak, marhaban ahlan wa sahlan bi hudlurikum.

Wondene panjenengan katuran rawuh engkang ongko sepindah, dipun suwuni du'a restu soho idi pangestunipun, bilih panjenenganipun ... bu Sumiati ... bade kagungan kerso anikahaken engkang putro fa insya Allah, enjang-enjang kirang langkung ... jam 8 enjang.

Lan monggo kito wiwiti kanti syahadatain soho istigfar kaping 3. Monggo kulo dereaken.

Related Posts

  • Dongo seng afdlol
  • Keutama'an Tahlil
  • Iman
  • Keutamaan ilmu dan Ulama
  • Dongo Hadits Rasul

Langganan: Posting Komentar (Atom)

Search Article

Label

  • Amalan (263)
  • Fiqh (137)
  • Fathul Qorib (132)
  • Al Qur'an (113)
  • Sanad (65)
  • Sholawat (35)
  • Kutub Islamiyah (25)
  • Biografi (22)
  • Kutubul Qoum (20)
  • Adab (15)
  • Nasehat (15)
  • Islamic Knowledge (12)
  • الاوراد بعد المكتوبات وزياداتها (9)
  • Kitab al-Fawaid (8)
  • Boso Jowo (7)
  • Ngaji Romadlonan 2018 (5)
  • 12 Bulan Qomariyah (4)
  • al-Kawakib al-Madliyyah (3)
  • Tatsbitul Fuadiy (2)
  • Al-Wasa'il (1)
  • Hilal 12 Bulan (1)
  • Qur'an dan Translitersi (1)
  • Transliterasi (1)
Diberdayakan oleh Blogger.

↑