Yuk Ngaji

"وبالاخلاص اسلم واقرب الي الاجابة"
  • Home
Home » Boso Jowo » Ngaji Romadlonan 2018 » Keutamaan ilmu dan Ulama

Keutamaan ilmu dan Ulama

» Boso Jowo, » Ngaji Romadlonan 2018
» Minggu, 20 Mei 2018


بِسْمِ الله الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْم



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته , الحمد لله رب العالمين , والصلاة والسلام علي اشرف المرسلين وعلي آله وصحبه اجمعين . اما بعد : قابلتك بوَسٍّ قبول , وختمت علي فمك بفخم الرسول , وتطاوعني بأيس ما اقول : الله اكبر



اللهم انا نسالك , ونتوجه , ونتمسك , ونتحصن , ونستشفي , نتعلم , ونتفهم , ونتوصل , ونتقرب , بهذا الكتاب وشرحه وسنده , وبِبَرَكَات المشايخ المسلسلين : (١) شيخي الكياهي عبد الحنان معصوم , به , (٢) عن الكياهي سهل بن محفوظ , به , (٣) عن الشيخ محمد فادانج , به , (٤) عن الشيخ جمعان بن مأمون , به , (٥) عن الشيخ مباه نووي بنتن , به , (٦) عن الشيخ عبد الصمد فاليمبانج , به , (٧) عن الشيخ عاقب بن حسن الدين , به , (٨) عن الشيخ محمد الكردي , به , (٩) عن الشيخ محمد سعيد , به , (١٠) عن الشيخ احمد النخلي , به , (١١) عن الشمس محمد البابلي , به , (١٢) عن الشيخ احمد السبكي , به , (١٣) عن النجم محمد الغيطي , به , (١٤) عن الجمال يوسف الارميوني , به , (١٥) عن الحافظ جلال الدين عبد الرحمن بن ابي بكر السيوطي , رضي الله عنهم , ونفعنا بهم وبعلومهم  , وامطر اللهم بحقهم غيث بركات الله علي التوالي ابدا لهم , الفاتحة

Khadl-rotul muhtaromin , poro 'alim , sesepuh lan pinisepuh , poro simbah , bapak lan ibu , adik-adik , sedoyonipun kemawon engkang sampun khadlir , rokhimakumullah .


Kulo niki nggih , sejatosipun , kadose dereng pas yen ten mriki moco kitab hadis . Tapi kulo pikantuk wadzifah sangking pengurus , romadlon niki , kulo mahos kitab "Tan-kikhul Qoulil Kha-tsis" mugi-mugi kulo pinaringan pitulungan dan panjenengan pikantuk keberkahan dan kemanfaatan .


Eng ngajeng wau , kulo moco muqoddimah rade panjang sanget . Amergi kulo moco sanad ijazah kitab meniko . Kulo pikantuk ijazah sanad kitab niku sangking guru kulo kiyahi Abdul Hannan Ma'sum Kediri , beliau dari mbah Sahal , mbah Sahal sangking guru nipun , inggih puniko : syekh Fadani , munggah dumugi mbah Nawawi Banten , engkang kagungan kitab "Tan-kikhul Qoul" niki , munggah maleh ngantos dumugi Imam Suyuti , engkang kagungan kitab "Lubabul Hadis" matan kitab meniko .



Amergi miderek kitab niki


السند سلاح المؤمن , فاذا لم يكن سلاح فبم يقاتل


Ibarat , sanad niku kados alat utawi golok seng landepe pol , perkoro agomo , donyo lan aherat ibarat kayu , terus pripun nek ajeng nebas kayu nek boten wonten alat utawi golok ipun .

Nek ten kitab Jawahirul 'Arifin (juz 2 h. 22) :


والعلم بلا سند كمن يرتقي الي سطح بلا سلم



Ibarat , sanad niku kados ondo reng menoro , la , nek boten ngangge ondo , trus pripun munggahe reng menoro .


Kitab meniko mengku 40 bab , lan saben bab ipun mengku 10 hadits.


Sa'niki monggo , kito perhatosaken hadis pertama bab setunggal :


قال النبي صلى الله عليه وسلم لابن مسعود رضي الله عنه : ﴿يَا ابْنَ مَسْعُوْدٍ , جُلُوْسُكَ سَاعَةً فِيْ مَجْلِسِ العِلْمِ , لاَ تَمَسُّ قَلَماً , وَلاَ تَكْتُبُ حَرْفًا خَيْرٌ لَكَ مِنْ عِتْقِ أَلْفِ رَقَبَةٍ , وَنَظَرُكَ إِلىَ وَجْهِ العَالِمِ خَيْرٌ لَكَ مِنْ أَلْفِ فَرَسٍ تَصَدَّقْتَ بِهَا فِيْ سَبِيْلِ اللهِ , وَسَلاَمُكَ عَلىَ العَالِمِ خَيْرٌ لَكَ مِنْ عِبَادَةِ أَلْفِ سَنَةٍ﴾ . اهـ



"Kanjeng Nabi ngendiko maring sahabat Ibnu Mas'ud : [kirang langkung artosipun] Ibnu Mas'ud , lelungguhanmu sesa'at ing majlis ilmu , tanpo nyekel qolam lan tanpo nulis sa' huruf wae , iku luweh sae kanggo iro katimbang merdeka'ake sewu budak , lan peningal iro maring wajah'e wong 'alim , iku luweh sae kanggo iro katimbang sodaqoh sewu jaran ing dalanipun Gusti Allah , lan ulu' salam iro maring wong 'alim , iku luweh sae kanggo iro katimbang ibadah sewu tahun" .


Agungipun derek majlis ilmu , ngantos , lelungguhan mawon tanpo nulis babar blas , niku langkung sae katimbang merdeka'ake sewu budak . Menopo maleh nek kerso nulis , kados nulis utawi nyalin hadist-hadis ing kitab alit niki . Kanjeng Rasul ngendiko :


من جمع اربعين حديثا فهو في العفو والغفران


"Sinten kemawon engkang kerso ngumpulaken 40 hadist , mongko tiyang meniko eng dalem maaf lan pangapuntenipun Gusti Allah" .


Ten hadis niku kan , boten wonten penetapan kata , dunya utawi aherat . Berarti saget dipahami : sinten kemawon , enggih maksude tiyang Islam tur iman niki , purun ngumpulaken 40 hadith Nabi , mongko tiyang meniko pinaringan pangapuntenipun Gusti Allah , senajan sampun sedo . Masya Allah , berkahipun nulis hadits Nabi , seg agunge ngoten . Amergi , yen dingapunten sa' ba'dane sedo , berarti tiyang niku bejo . Terus dilebetaken surgo . Masya Allah . Sae sae sae . Alhamdulillah .


Hadis niki , katah sanget poro ulama engkang ngamalaken . Dipun sebataken ing kitab khash-rusy syarid ,  wonten sekitar 51 kitab arbain sa' sanad lan ijazah ipun sangking poro ulama engkang masyhur utawi terkenal . Wonten kitab Arba'in Nawawi , Arbain Nasafi , Arbain Kharomain dan lintu-lintunipun katah sangat .


Nopo wonten hadaits maleh seng wonten kaitan agungipun nulis-menulis . Wonten !


Kanjeng Rasulullah ngendiko :


ﻣﻦ ﺻﻠﻰ ﻋﻠﻲ ﻓﻲ ﻛﺘﺎﺏ ﻟﻢ ﺗﺰﻝ ﺍﻟﻤﻼﺋﻜﺔ ﺗﺴﺘﻐﻔﺮ ﻟﻪ ﻣﺎ ﺩﺍﻡ ﺍﺳﻤﻲ ﻓﻲ ﺫﻟﻚ ﺍﻟﻜﺘﺎﺏ


[kirang langkung artosipun] "Sopo wonge mahos solawat ing dalem suwiji kitab , mongko poro malaekat nyuwunaken pangapunten maring tiyang wau selagine nama ingsun [Kanjeng Nabi] ing kitab iku" .


[Kirang langkung] tegesipun  : yen kito purun nulis salawat ing suwiji kitab , mongko disuwunaken pangapunten maring Gusti Allah deneng poro mala'ikat .


ﻣﻦ ﺻﻠﻰ ﻋﻠﻲ ﻓﻲ ﻛﺘﺎﺏ ﻟﻢ ﺗﺰﻝ ﺍﻟﻤﻼﺋﻜﺔ


"Lam tazal" , niku , artosipun : terus-menerus , orak mandek-mandek . Tegesipun tiyang wau boten mandek-mandek dipun suwunaken pangapunten , senajan sampun pejah , selagine tulisan wau taksih ten kitab puniko . Masya Allah agungipun nulis solawat .

Kito lajengaken :


وَنَظَرُكَ إِلىَ وَجْهِ العَالِمِ
  

"peningal iro maring wahah wong 'alim"


Mbah Nawawi Banten : nambahi keterangan


اي بنظر المحبة


"Tegesipun : kanti peningal remen , seneng" , niku ,


خَيْرٌ لَكَ مِنْ أَلْفِ فَرَسٍ تَصَدَّقْتَ بِهَا فِيْ سَبِيْلِ الله


"langkung sae , katimbang sodaqoh sewu jaran kanggo perang fi sabilillah" .


Padahal , sedekah , miderek ten kitab niki bab 17 :


تدفع ميتة السوء


"nolak mati seng olo"


تسد سبعين بابا من السوء


"nutup 70 pintu kealanan"


ترد البلاء وتطول العمر


"nolak bala' lan dawa'ake umur" .


La , niki , ningali wong alim , "langkung sae , katimbang sodaqoh sewu jaran kanggo perang fi sabilillah" , masya Allah . Sae sae sae .


كل من يتبرك بمشاهدته في حياته , يتبرك بزيارته بعد وفاته


"saben wong seng sewaktu hidupnya bisa diambil barokah dengan melihatnya , maka setelah meninggal bisa dialap berkahnya juga" (Ihya' Ulumiddin juz 2 h. 246 , keterangan kados niki ugi wonten ten kitab "sirojul 'arifin" h. 192 , ugi ten kitab "jawahirul 'arifin" juz 2 h. 14) .


Bahkan menyebut-nyebut nama para beliau saja berkah :


اذ بذكرهم تفتح ابواب السموات العلي العلية , وتنزل الرحمات والبركات والفيوضات الالهية


"Dengan menyebut para beliau , dibuka pintu-pintu langit , dan diturunkan pirang-pirang rahmat , keberkahan lan kanugerahan" .

 

Mulane biasane tiyang NU niku , sa'derenge tahlilan , seneng , remen , hadl-roh tawasulan , nyebut-nyebut asmane poro wali sa' katah-katahe , sa' apale , sa' nyanda' e .


Lan diterangaken sangking Wali Qutub Agung Syekz Abdul Wahhab Asy-Sya'roniy rodli-yallahu anhu , panjenenganipun nampi dawuh sangking ba'dli masya-yikzihi :


ان الله تعالي يوكل بقبر كل ولي ملكا يقضي حوائج من توسل بهم , كما وقع ذلك للامام الشافعي , والسيدة نفيسة , والسيد احمد البدوي , رضي الله عنهم اجمعين


"Sa' temene Gusti Allah Ta'ala iku makelake ono ing sareyane (qubure) kabeh wali ing malaekat kang nekani ing sekabehane hajate wong-wong kang podo tawasul karo wali-wali mau" . (Annurul Burhaniy juz 1 h. 40)


Sa' lajengipun :


وَسَلاَمُكَ عَلىَ العَالِمِ خَيْرٌ لَكَ مِنْ عِبَادَةِ أَلْفِ سَنَة


"ulu' salam jenengan maring wong 'alim , niku langkung sae katimbang ibadah sewu tahun" . Nopo maleh , nek jenengan purun mushofakhah (salaman) kaleh tiyang 'alim kanti "musalsal bil musho-fakhah" , misal ipun : mbah sahal kajen lan mbah maimun zuber sarang salaman kaleh guru nipun syek Yasin al-Fadani , syaikzul Fadani kaleh guru nipun syekz umar hamdan , syekz umar salaman kaleh gurunipun syekz 'alil wit-ri , terus , minggah , ngantos , sahabat anas bin malik , dan sahabat anas salaman kaleh kangjeng Rasulullah . Kanjeng Rasulullah ngendiko :


من صافحني او صافح من صافحني الي يوم القيامة دخل الجنة


[kirang langkung artosipun] “Sopo wonge salaman karo ingsung (kanjeng Nabi) , utowo salaman karo wong kang tau salaman karo ingsun , tumeko dino qiyamah , mongko iku wong mlebu suwargo” .


Nek jenengan bade mirsani keterangan moshofahah kados niki , kulo aturi , bukak-bukak kitab "al ujalah" (musalsal no. 2) , utawi kitab "khusnul wafa li ikz-wanish-shofa" h. 19 , utawi kitab "ittikhaful ikz-wan" h. 138 .


Miderek Kiyahi Mushlih Mranggen (kirang langkungipun kados mekaten) :"Ananging hadis niki boten mut-laq , balik ngangge syarat : iman , islam lan makhabbah fillah wa lillah" .


Lan panjenenganipun ugi maringi keterangan (kirang langkungipun kados mekaten) :


Peraturane olehe mushofahah


Syekz Abu Hurmus matur karo shohabat Anas :


صافحنا بالكف التي صافحت بها رسول الله صلي الله عليه وسلم


Banjur shohabat Anas mushofahah karo syekz Abu Hurmus kanti ngucap :


السلام عليكم , صافحت بكفي هذا كف رسول الله صلي الله عليه وسلم


Semono ugo Syekz Kzolaf bin Tamim hiyo matur karo Syekz Abu Hurmus :


صافحني بالكف التي صافحت بها انسا


Banjur Syekz Abu Hurmus mushofahah karo Syekz Kzolaf bin Tamim kanti dawoh : Assalamu'alaikum , koyo mengkono sa' teruse hinggo ingsun (Kiyahi Mush-lih bin Abdur Rohman) matur karo Syaikzinasy Syekz Alamuddin Muhammad Yasin bin 'Isa al-Makkiy :


صافحني بالكف التي صافحت بها الشيخ عمر حمدان


Banjur mushofahah sopo Syaikzuna karo ingsun serto dawuh : Assalamu'alaikum .


Semono ugo Syaikzuna Alamuddin Muhammad Yasin bin 'Isa hiyo matur karo Syekz Umar Hamdan :


صافحني بالكف التي صافحت بها السيد عليا الوتري


Banjur Syekz Umar Hamdan mushofahah karo Syaikhina , serto dawuh : Assalamu'alaikum . Koyo mengkono sa' banjure . Dalailul Kzoirot , h. 37-44 Terbitan : Toha Putra Qouman Semarang .


Sejatosipun sinten si , tiyang 'alim niku , derek lungguh ing majlise , ningali , salaman , kog fadlilahe agunge kados mengaten ?Nopo tiyang seng apal qur'an , niku wong 'alim?


Nopo tiyang seng pinter agomo , ngertos dalil nopo wae , niku wong 'alim?


Mengenai sinten tiyang 'alim niku , Maulanal Quth-bul Goutsusy Syekz Abu Yazid Thoifurul Basthomiy , ngendiko :


ليس العالم من يحفظ من كتاب الله , فاذا نسي ما حفظ صار جاهلا


[kirang langkung ma'na ipun , wallahu a'lam , kados mekaten] Tiyang 'alim niku boten seng apal kitab ipun Gusti Allah , "boten ugi seng apal dalil-dalil , boten ugi seng saget mahos kitab-kitab , boten ugi seng seng pinter pidato lan ceramah" .


بل من يأخذ علمه من ربه اي وقت شاء بلا تحفظ ولا درس , وهذا هو العالم الرباني


tetapine , tiyang 'alim niku , tiyang seng ilmune sangking Gusti Allah , kapan butuh iso . Lo , kog saget ilmunipun sangkeng Gusti Allah ? Nggih saget , sebab , ngamalaken ilmu .


Niki dasare :


Pernah para ulama seng agung-agung dan para ahli fiqh podo sowan Syekz Thoifurul Bustomi , lan tangklet : Ilmu jenengan niku sangkeng sinten lan sangkeng pundi , kog hebat sanget . Jawab beliau [kirang langkung ipun mekaten] : Ilmuku sangkeng kanugerahanipun Gusti Allah langsung lan sebab , aku ngamalno ilmu , kerono kanjeng Rasulullah sampun ngendiko :


من عمل بما علم


[kirang langkung ma'na nipun kados mekaten] : Sopo wonge ngamalake barang kang direteni ,


ورثه الله علم ما لم يعلم


mongko Allah maringi Ilmu seng dereng direteni .


Setelah dijawab begitu , nuli para Ulama dan Fuqoha' terdiam .


Tegesipun : Nek kito purun ngamalaken ilmu seng sampun dipelajari , mongko Allah maringi ilmu seng dereng kito weruhi . Terus ngamalaken maleh , mongko bakal ditambah maleh , terus , tambah-tambah 'alim . Masya Allah .


Lan ing kitab jawahirul arifin juz 2 :


ومن علم ثم عمل ثم علم , فهو يدعي عظيما في ملكوت السموات


Sopo wes reti , nuli ngamalno , terus diparingi ngerti maleh [terus kados mekaten] , mongko tiyang meniko Agung ing kerajaan langit . Masya Allah , sae sae sae .



Mekaten sangking kulo , kirang langkungipun mugi-mugi Allah ngapunten .

Related Posts

  • Fadlilah basmalah
  • Dongo seng afdlol
  • Keutama'an Tahlil
  • Iman
  • Dongo Hadits Rasul

1 komentar:

avatar
Reply
Ryu Ken delete 8 Januari 2020 pukul 06.23

https://gettouse.blogspot.com/2020/01/mutiara-ulama.html?m=1

Langganan: Posting Komentar (Atom)

Search Article

Label

  • Amalan (263)
  • Fiqh (137)
  • Fathul Qorib (132)
  • Al Qur'an (113)
  • Sanad (65)
  • Sholawat (35)
  • Kutub Islamiyah (25)
  • Biografi (22)
  • Kutubul Qoum (20)
  • Adab (15)
  • Nasehat (15)
  • Islamic Knowledge (12)
  • الاوراد بعد المكتوبات وزياداتها (9)
  • Kitab al-Fawaid (8)
  • Boso Jowo (7)
  • Ngaji Romadlonan 2018 (5)
  • 12 Bulan Qomariyah (4)
  • al-Kawakib al-Madliyyah (3)
  • Tatsbitul Fuadiy (2)
  • Al-Wasa'il (1)
  • Hilal 12 Bulan (1)
  • Qur'an dan Translitersi (1)
  • Transliterasi (1)
Diberdayakan oleh Blogger.

↑