Yuk Ngaji

"وبالاخلاص اسلم واقرب الي الاجابة"
  • Home
Home » Boso Jowo » Dongo Hadits Rasul

Dongo Hadits Rasul

» Boso Jowo
» Selasa, 21 November 2017

Dongo Sangking Hadits Kanjeng Rasul

Nopo sih bentenipun dedongo kanti dongo sangkeng kanjeng Rasul, dongo sangkeng poro wali, dongo sangkeng kiyahi lan dongone tiyang awam biasa?
 
Yen dongo, dzikir, wirid, amalan seko kanjeng Rosul, utawi seng dipundut seko hadits-hadits Nabi, niku luweh diutama'aken, luweh diunggulaken lan dipun anjuraken deneng poro wali lan ulama-ulama ipun Gusti Allah.

Alasanipun:

1. Ing kitab afdlolus solawat anggitanipun

الولي الشهير شيخنا يوسف بن اسماعيل النبهاني رحمه الله تعالي رحمة واسعة

wonten keterangan kados mekaten:

مَزِيَّةُ الصلوات او الدعوات فَكَفَاها فضلا وشرفا صاحبُها

"Keistimewaan/fadlilah/keagungan sigot/wacan solawat nopo kemawon, dongo nopo kemawon, saget ketingal pertelo sangkeng "sho-khibuha" pengarangipun"

Contoni pun, solawat fatih. Faidah, keutamaan, sir-sir rahasia nipun katah sanget, ngantos katah para walinipun Gusti Allah maringi keterangan

لها من الاسرار والعجائب ما تتحير فيه الالباب

amergi solowat meniko sangkeng

الامام الرباني مولانا القطب الغوث ابي الحسن شمس الدين محمد البكري الكبير رحمه الله تعالي رحمة واسعة

gelaripun

الامام الرباني
utawi
القطب الغوث

inggih meniko gelar kangge Wali Teragung, Rajanipun para wali ing wekdal meniko.

Nopo maleh yen solawat utawi dongo-dongo meniko sangking Kanjeng Rasul.

Kados solawat Ibrohimiyyah contonipun. Sampai-sampai dipun dawamake para walinipun Gusti Allah ing sa'lebetipun musabba'aat lin Nabiyyinal Kzidlir, engkang dipun wiridaken enjang lan sonten, peng 7 peng 7. Kirang langkungipun, keterangan meniko, kulo pundut sangkeng kitab jawahirul kzomsi lisy Syekz Kzowajah Al Ath-Thor, kitab sa'adatuddaroin, kitab afdlolus solawat, kitab

عقد اليواقيت الجوهرية
anggitanipun

قطب الواصلين سيدنا الحبيب عيدروس بن عمر الحبشي

engkang panjenenganipun mendet sangking para wali engkang katah sanget,

"لا يعد ولا يحصي عددُهم".

2. Ing kitab Syarah Al Adz-kar anggitanipun

الامام الرباني مولانا القطبُ الغوثُ شرفُ الدين النووي رحمه الله تعالي رحمة واسعة

dipun terangaken bilih Kanjeng Rasul niku, gadah anugrah dongo kanti lafad-lafad seng cekak, tapi, cakupanipun luas.

Kanjeng Rasul ngendiko:

واوتيت جوامع الكلم

Miderek keterangan ing kitab Al Adzkar, tegesipun jawa'iul kalim niku..

ما قل لفظه جدا وكثرت معانيه كثرة تحير ارباب البلاغة وفرسان الفصاحة

Kados dongo "Robbana atina fiddun-ya khasanah ... ", engkang dipun juluki "dongo sapu jagat". Dongo niki cekak lafadze, tapi mencakup kesaenan ing sedoyo hal ing donya lan aherat.

Ten dalem dongo niku, dipun wiwiti kanti lafad "Rabbana".

Lafad "Robba", yen ten kamus al munawwir, kagungan arti 9. Inggih meniko: memimpin, memiliki, mengumpulkan, memperbaiki, menambah, mengharumkan, memelihara, mengasuh, mendidik.

Padahal dipun terangaken sangkeng gurunipun Al 'Arifu Billah Sayyid Muhammad Ibni Alawi Al Malikiy Al Hasaniy eng dalem salah setunggal kitab anggitanipun "kitab abwabul faroj" halaman 213:

انما اختار شيخنا (الولي الكبير سيدنا احمد بن ادريس) رضي الله عنه ان يكون من اوراد طريقته تلاوة اسماء الله الحسني, لأن الكون وما فيه مظاهر تلك الأسماء, فالذي يدعو بها فقد استجلب الخير كله لنفسه, وجعل الوقاية بينه وبين الشر كله, فإذا قلت مثلا: "الرحمن الرحيم", فقد استجلبت الرحمة, وإذا قلت "اللطيف", فقد استجلبت اللطف, وإذا قلت "الغفور", فقد استجلبت المغفرة ...

Engkang artosipun kirang langkungipun mekaten: "Sa'temene guru kulo, Wali agung sayyidina Ahmad bin Idris, niku mileh Asmaul Husna kangge wiridanipun, kerono sa'temene alam jagat bumi niki lan sedoyo nopo kemawon engkang wonten ten bumi, niku perwujudan utawi bias sangkeng asmaul husna meniko, mongko, yen wonten tiyang dongo kanti asmaul husna, mongko temen-temen tiyang meniko sampun narik kesaenan sedoyo nipun kangge awa'ipun piyamba', lan dadosaken

وقاية، حماية

benteng penjagaan kangge awa-ipun piyambak sangking kejahatan, kealanan sedoyonipun. Arikalane wonten suwijine kawulo, dongo kanti ngucap

الرحمن الرحيم

mongko, temen-temen tiyang wau sampun amrih narik, nekaaken rohmatipun Gusti Allah, lan lamun tiyang wau mahos

اللطيف

mongko, temen-temen tiyang wau sampun amrih narik, nekaaken kawelasan/kelembutanipun Gusti Allah lan sa' terusipun ..."

Kesimpulanipun yen kito dongo
ربنا
Mongko, kito sampun dedongo nyenyuwun 9 perkawis agung kanti lafadz setunggal, cekak, ringan.

Duh Dzat Kang Moho Memelihara sedoyonipun,
Duh Dzat Kang Moho Andidik sedoyonipun,
Duh Dzat Kang Moho Mengasuh,
Duh Dzat Kang Moho Mengharumkan,
Duh Dzat Kang Moho Nambahi (rizki, kebaikan, keberkahan, anugrah, lan sedoyonipun)
Duh Dzat Kang Moho  Memperbaiki,
Duh Dzat Kang Moho  Ngumpulken (sedoyo perkawis lan engkang semrawut sangking awak) kito,
Duh Dzat Kang Moho Kang Anduweni kito,
Duh Dzat Kang Moho Ngepimpin kito.

Keterangan niki nembe lafadz
ربنا
dereng lafadz
آتنا
الدنيا
حسنة
الآخرة

Terima kasih sudah mau berkunjung ke blog ini.
Semoga bermanfaat.

Related Posts

  • Dongo seng afdlol
  • Keutama'an Tahlil
  • Iman
  • Keutamaan ilmu dan Ulama
  • Muqodimah Hajatan

2 komentar

avatar
Reply
Arif delete 21 September 2020 pukul 09.20

Nyuwun izin kagem nderek nyi'araken seratan meniko. Ugi nyuwun dipun ridhoni dadi ijazah bil-yadin (melalui seratan) saking panjenengan kagem Kulo. Qobiltu...,

avatar
Reply
Niamalkayyis delete 8 November 2020 pukul 00.17

Monggo

Langganan: Posting Komentar (Atom)

Search Article

Label

  • Amalan (263)
  • Fiqh (137)
  • Fathul Qorib (132)
  • Al Qur'an (113)
  • Sanad (65)
  • Sholawat (35)
  • Kutub Islamiyah (25)
  • Biografi (22)
  • Kutubul Qoum (20)
  • Adab (15)
  • Nasehat (15)
  • Islamic Knowledge (12)
  • الاوراد بعد المكتوبات وزياداتها (9)
  • Kitab al-Fawaid (8)
  • Boso Jowo (7)
  • Ngaji Romadlonan 2018 (5)
  • 12 Bulan Qomariyah (4)
  • al-Kawakib al-Madliyyah (3)
  • Tatsbitul Fuadiy (2)
  • Al-Wasa'il (1)
  • Hilal 12 Bulan (1)
  • Qur'an dan Translitersi (1)
  • Transliterasi (1)
Diberdayakan oleh Blogger.

↑