اللهم صل على سَيِّدنَا محمد وعلى ال سَيِّدنَا مُحَمَّد ؛ كما صليت على سَيِّدنَا إبراهيم وعلى ال سَيِّدنَا إبراهيم ، وبارك على سَيِّدنَا محمد وعلى ال سَيِّدنَا محمد ؛ كما باركت على سَيِّدنَا إبراهيم وعلى ال سَيِّدنَا إبراهيم فى العالمين إنك حميد مجيد
Sholawat meniko dipun sebut "Sholawat Ibrohimiyyah", amergi wonten asmane Nabi Ibrohim kanti pengajab kita pikantuk keberkahan lantaran Nabi Muhammad lan eyang ipun, inggih meniko Nabi Ibrohim. Lan keluarga kita dipun dadosaken kados Nabi Ibrohim lan putra-putra nipun engkang ditetapaken Gusti Allah dados tiyang engkang Sholih-Sholih mungguh Allah.
Sedoyo sholawat meniko sae lan sanget sae. Tapi, ing pertemuan meniko, kita kedah mangertosi alasanipun "Geneo sholawat niki, dipun pilih poro Ulama' minongko sholawat kang diwaos eng dalem sholat", senajan kita moco:
التَّحِيَّاتُ الْمُبَارَكَاتُ الصَّلَوَاتُ الطَّيِّبَاتُ لِلَّهِ ، السَّلَامُ عَلَيْك أَيُّهَا النَّبِيُّ وَرَحْمَةُ اللَّهِ وَبَرَكَاتُهُ السَّلَامُ عَلَيْنَا وَعَلَى عِبَادِ اللَّهِ الصَّالِحِينَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إلَهَ إلَّا اللَّهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُولُ اللهِ
Nuli mawos sholawat:
اللهم صل على سَيِّدنَا محمد وعلى ال سَيِّدنَا مُحَمَّد
Wahosan sholawat meniko sampun cekap lan sah tahiyat ipun. Anangen tetep dianjuraken dipun terusaken supados dados sholawat Ibrohimiyah yen wektu sholat kito longgar. Dados wahosanipun sangking awal tahiyat:
التَّحِيَّاتُ الْمُبَارَكَاتُ الصَّلَوَاتُ الطَّيِّبَاتُ لِلَّهِ ، السَّلَامُ عَلَيْك أَيُّهَا النَّبِيُّ وَرَحْمَةُ اللَّهِ وَبَرَكَاتُهُ السَّلَامُ عَلَيْنَا وَعَلَى عِبَادِ اللَّهِ الصَّالِحِينَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إلَهَ إلَّا اللَّهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُولُ اللهِ
Nuli sholawat:
اللهم صل على سَيِّدنَا محمد وعلى ال سَيِّدنَا مُحَمَّد
Sampun cekap, tapi sunnah dipun terusaken:
كما صليت على سَيِّدنَا إبراهيم وعلى ال سَيِّدنَا إبراهيم ، وبارك على سَيِّدنَا محمد وعلى ال سَيِّدنَا محمد ؛ كما باركت على سَيِّدنَا إبراهيم وعلى ال سَيِّدنَا إبراهيم فى العالمين إنك حميد مجيد
Sholawat Ibrohimiyah niki, sering dipun serat sholawat yang pertama dibahas eng dalem kitab-kitab kumpulan solawat.
Kados eng dalam kitab Jawahirus Sholawat, sholawat ini seng pertama di terangaken lan diunggulaken.
Eng dalam kitab Afdlolus Sholawat, sholawat niki seng pertama di terangaken lan diunggulaken.
Eng dalam kitab Jawahirul Bahriyyah, sholawat niki seng pertama disebat lan diunggulaken.
Eng dalam Thoriqoh Nabi Khidlir, sholawat niki engkang diengge lan diunggulaken.
Eng dalem Dalailul Khoirot, Eng dalem Munthakhobus Sholawat, Eng dalem Al-Kawakibul Madliyyah, enggih kados ngoten lan lintu-lintu nipun katah sanget.
Sak niki monggo kita pelajari makna nipun.
اللهم صل على سَيِّدنَا محمد وعلى ال سَيِّدنَا مُحَمَّد
Ya Allah mugi panjenengan maringi rahmat dumateng kanjeng Nabi Muhammad lan ugi dumateng "Aali" Nabi Muhammad.
"Aali" Nabi Muhammad niku sinten enggih?
وفي الموسوعة الفقهية ج ١ ص ٩٨ ما نصه : وعبارة صاحب المغني : آل محمد صلي الله عليه وسلم اتباعه علي دينه . المغني ١ / ٥٨٤ . اهـ
Eng dalem kitab "al-Mausu'atul Fiqhiyyah", "Aali" Nabi Muhammad dipun murodi "(اتباع)" engkang artosipun: semua pengikut / semua orang yang mengikuti baik perkataan, ajaran agama dan tingkah-laku Rasulullah.
وعلى (آله) وقيل - واختاره النووي : أنهم كل مسلم
Eng dalem kitab Fathul Qorib, murod "Aali" Nabi Muhammad enggih meniko, Waqila, dan Imam Nawawi memilih makna: Sesungguhnya mereka adalah tiap-tiap muslim (yaitu seluruh orang Islam).
وفي اعانة الطالبين ج ١ ص ٢٢ في خطبة المؤلف : (وعلي آله) وقيل : هم كل مؤمن ، اي في مقام الدعاء ونحوه . اهـ
Eng dalem "I'anatut Tholibin" juz 1 h. 22 di bagian muqoddimah Mu'allif: "Aali" Nabi Muhammad enggih meniko, Waqila adalah setiap yang beriman, yaitu di dalam maqom (redaksi) do'a dan semacamnya".
Berarti miturut keterangan kitab-kitab meniko, (1) sedoyo tiyang engkang Islam (sedoyo tiyang Islam ten mriki, mbah-mbah kito, sederek-sederek kito, tonggo, kerabat, sak penduwur kito sedoyo, seng kito kenal, seng boten kito kenal, seng takseh sugeng, seng sampun sedo, sedoyo nipun engkang Islam). (2) sedoyo engkang iman (awet zaman Nabi Adam dumugi dinten kiamat). (3) sedoyo engkang taqwa, (baik dari golongan manusia, jin, dan malaikat), termasuk dalam ma'na kata "Aali" Nabi Muhammad.
Milanipun, sholawat meniko saget diwastani, do'a universal, do'a menyeluruh, ugi disebut jawamiul kalim; amergi lafal'e cekak, ma'na murod ipun sangat luas.
Milanipun ugi, yen kito moco sholawat kanti ditambahi "wa 'ala Aali sayyidina Muhammad", berarti kita insya Allah sampun ngambah dalan hidmat dumateng Kanjeng, dumateng saben-saben tiyang seng Islam, dumateng saben-saben tiyang engkang Iman, dumateng saben-saben tiyang engkang Taqwa, insya Allah termasuk ngabekti purun donga'ake bapak ibu, mbah-mbah ipun sedoyo sak penginggil ipun, dulur-dulur ipun sedoyo engkang Islam.
Meniko termasuk anugerah Ageng sangking Allah dumateng Nabi Muhammad, engkang dipun ajaraken dumateng kito.
Niki nembe makna sangking:
اللهم صل على سَيِّدنَا محمد وعلى ال سَيِّدنَا مُحَمَّد
Monggo kito terasaken:
اللهم صل على سَيِّدنَا محمد وعلى ال سَيِّدنَا مُحَمَّد ؛ كما صليت على سَيِّدنَا إبراهيم
Ya Allah mugi panjenengan maringi rahmat dumateng kanjeng Nabi Muhammad lan kito sedoyo "Aali" Nabi Muhammad, kados engkang Jenengan Ya Allah paringaken dumateng kanjeng Nabi Ibrohim.
Nopo engkang sampun dipun parengaken? Enggih meniko tetep ipun "kesejahteraan", kesejahteraan eng dalem agomo, kesejahteraan eng dalem donyo, kesejahteraan eng dalem aherat amergi Allah sampun dawoh eng Surat As-Saffat: 109
سَلَـٰمٌ عَلَىٰٓ إِبْرَٰهِيمَ
"Kesejahteraan dilimpahkan atas Nabi Ibrahim".
Monggo kito terasaken:
اللهم صل على سَيِّدنَا محمد وعلى ال سَيِّدنَا مُحَمَّد ؛ كما صليت على سَيِّدنَا إبراهيم
Ya Allah mugi panjenengan maringi rahmat dumateng kanjeng Nabi Muhammad lan kito sedoyo "Aali" Nabi Muhammad, kados engkang Jenengan Ya Allah paringaken dumateng kanjeng Nabi Ibrohim.
Nopo engkang sampun dipun parengaken? Enggih meniko diparingi pitulungan saget memahami lan ngamalaken kitab lan hikmah sangking Allah. Lan ugi kecukupan lan kelancaran eng dalem sedoyo perkawis, amergi Allah sampun dawoh eng Surat An-Nisa: 54
فَقَدْ ءَاتَيْنَآ ءَالَ إِبْرَٰهِيمَ ٱلْكِتَـٰبَ وَٱلْحِكْمَةَ وَءَاتَيْنَـٰهُم مُّلْكًا عَظِيمًۭا
Sesungguhnya Kami telah memberikan Kitab dan Hikmah kepada keluarga Ibrahim, dan Kami telah memberikan kepadanya kerajaan yang besar.
Monggo kito terasaken:
اللهم صل على سَيِّدنَا محمد وعلى ال سَيِّدنَا مُحَمَّد ؛ كما صليت على سَيِّدنَا إبراهيم
Ya Allah mugi panjenengan maringi rahmat dumateng kanjeng Nabi Muhammad lan kito sedoyo "Aali" Nabi Muhammad, kados engkang Jenengan Ya Allah paringaken dumateng kanjeng Nabi Ibrohim.
Nopo engkang sampun dipun parengaken? Enggih meniko termasuk tiyang engkang dipun sumerepaken tanda-tanda keagungan Allah lan kito dipun dadosaken termasuk tiyang engkang pinaringan Yaqin, amergi Allah sampun dawoh eng Surat Al-An'am: 75
وَكَذَٰلِكَ نُرِىٓ إِبْرَٰهِيمَ مَلَكُوتَ ٱلسَّمَـٰوَٰتِ وَٱلْأَرْضِ وَلِيَكُونَ مِنَ ٱلْمُوقِنِينَ
Dan demikianlah Kami perlihatkan kepada Ibrahim tanda-tanda keagungan (Kami yang terdapat) di langit dan bumi dan (Kami memperlihatkannya) agar dia termasuk orang yang yakin.
Monggo kito terasaken:
اللهم صل على سَيِّدنَا محمد وعلى ال سَيِّدنَا مُحَمَّد ؛ كما صليت على سَيِّدنَا إبراهيم
Ya Allah mugi panjenengan maringi rahmat dumateng kanjeng Nabi Muhammad lan kito sedoyo "Aali" Nabi Muhammad, kados engkang Jenengan Ya Allah paringaken dumateng kanjeng Nabi Ibrohim.
Nopo engkang sampun dipun parengaken? Enggih meniko kabar gembira dan selamat, niki insya Allah, selamet agamane, selamet donyane, selamet aherate, amergi Allah sampun dawoh eng Surat Hud: 69
وَلَقَدْ جَآءَتْ رُسُلُنَآ إِبْرَٰهِيمَ بِٱلْبُشْرَىٰ قَالُوا۟ سَلَـٰمًۭا ۖ
Dan sesungguhnya utusan-utusan Kami (malaikat-malaikat) telah datang kepada lbrahim dengan membawa kabar gembira, mereka mengucapkan: "Selamat".
Dados, kesahenan nopo engkang sampun dipun parengake dumateng Nabi Ibrahim, kito suwun supados dipun parengaken dumateng kanjeng Nabi lan kito sedoyo.
Monggo kito terasaken:
اللهم صل على سَيِّدنَا محمد وعلى ال سَيِّدنَا مُحَمَّد ؛ كما صليت على سَيِّدنَا إبراهيم
Ya Allah mugi panjenengan maringi rahmat dumateng kanjeng Nabi Muhammad lan kito sedoyo "Aali" Nabi Muhammad, kados engkang Jenengan Ya Allah paringaken dumateng kanjeng Nabi Ibrohim.
Nopo engkang sampun dipun parengaken? Enggih meniko kesempurnaan keni'matan, keni'matan eng dalem agomo, keni'matan eng dalem donyo, keni'matan eng dalem aherat, amergi Allah sampun dawoh eng Surat Yusuf: 6
كَمَآ أَتَمَّهَا عَلَىٰٓ أَبَوَيْكَ مِن قَبْلُ إِبْرَٰهِيمَ وَإِسْحَـٰقَ ۚ
Sebagaimana Dia telah menyempurnakan nikmat-Nya kepada dua orang bapakmu sebelum itu, (yaitu) Ibrahim dan Ishak.
Monggo kito terasaken:
اللهم صل على سَيِّدنَا محمد وعلى ال سَيِّدنَا مُحَمَّد ؛ كما صليت على سَيِّدنَا إبراهيم
Ya Allah mugi panjenengan maringi rahmat dumateng kanjeng Nabi Muhammad lan kito sedoyo "Aali" Nabi Muhammad, kados engkang Jenengan Ya Allah paringaken dumateng kanjeng Nabi Ibrohim.
Nopo engkang sampun dipun parengaken? Enggih meniko saget istiqomah lahir batin ipun lan selamet sangking syirik, amergi Allah sampun dawoh eng Surat An-Nahl: 120
إِنَّ إِبْرَٰهِيمَ كَانَ أُمَّةًۭ قَانِتًۭا لِّلَّهِ حَنِيفًۭا وَلَمْ يَكُ مِنَ ٱلْمُشْرِكِينَ
Sesungguhnya Ibrahim adalah seorang imam yang dapat dijadikan teladan lagi patuh kepada Allah dan hanif. Dan sekali-kali bukanlah dia termasuk orang-orang yang mempersekutukan (Tuhan).
Monggo kito terasaken:
اللهم صل على سَيِّدنَا محمد وعلى ال سَيِّدنَا مُحَمَّد ؛ كما صليت على سَيِّدنَا إبراهيم
Ya Allah mugi panjenengan maringi rahmat dumateng kanjeng Nabi Muhammad lan kito sedoyo "Aali" Nabi Muhammad, kados engkang Jenengan Ya Allah paringaken dumateng kanjeng Nabi Ibrohim.
Nopo engkang sampun dipun parengaken? Enggih meniko tinggalan kito seng sae-sae, milanipun cerito-cerito tentang kita, niku insya Allah seng sae-sae, amergi Allah sampun dawoh eng Surat Maryam: 41
وَٱذْكُرْ فِى ٱلْكِتَـٰبِ إِبْرَٰهِيمَ ۚ
Ceritakanlah kisah Ibrahim di dalam Al Kitab ini.
Monggo kito terasaken:
اللهم صل على سَيِّدنَا محمد وعلى ال سَيِّدنَا مُحَمَّد ؛ كما صليت على سَيِّدنَا إبراهيم
Ya Allah mugi panjenengan maringi rahmat dumateng kanjeng Nabi Muhammad lan kito sedoyo "Aali" Nabi Muhammad, kados engkang Jenengan Ya Allah paringaken dumateng kanjeng Nabi Ibrohim.
Nopo engkang sampun dipun parengaken? Enggih meniko diparingi hidayah, amergi Allah sampun dawoh eng Surat Al-Anbiya: 51
وَلَقَدْ ءَاتَيْنَآ إِبْرَٰهِيمَ رُشْدَهُۥ
Dan sesungguhnya telah Kami anugerahkan kepada Ibrahim hidayah kebenaran.
Dados, kesahenan nopo engkang sampun dipun parengake dumateng Nabi Ibrahim, kito suwun supados dipun parengaken dumateng kanjeng Nabi lan kito sedoyo. Lan sedoyo engkang kito butuhaken terkait dhohir batin agomo donyo aherat, sampun tercakup panyuwunanipun melalui sholawat meniko. Alhamdulillahi Robbil 'Alamin.